Asal
Mulane Kutha Atlas
Umume, dongeng utawa crita rakyat
mujudake crita kang wis turun-tumurun kang diparingake dening nenek moyang.
Kaya dene kutha “ATLAS”, yaiku kutha Semarang. Jeneng Semarang. Jeneng Semarang
diparingake dening Ki Ageng Pandan Arang minangka Bupati sepisanan ing kutha
iki.
Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana
nemokake wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang. Kanjeng Bupati banjur
ngendika marang para punggawane mangkene : “Para pandherekku kabeh,
seksenana, amarga ing papan iki akeh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula
iki dakjenengke Semarang”. Kutha Semarang mujudake laladan utawa wilayah
kang aneh. Apa sebabe? Sebab papan iki sisih kidul mujudake laladan pegunungan
kang hawane seger lan katon asri. Sisih kulon lan wetan papane cendhek lan
hawane rada panas. Dene sisih lor mujudake papan kang hawane panas lan akeh
tambake, kayata tambak urang, bandeng, lsp.
Marang papan kang dianggep aneh iku
mau, Kanjeng Bupati kudu akeh sinau bab tradhisi lan adat istiadat masyarakat ing
kene. Kanjeng Bupati kepengin bisa manjing ajur-ajer mara sapa wae. Nelayan,
petani, kaum tambak kabeh dikumpulake, amarga eling marang ajaran kang digawa
dening Kanjeng Sunan Kalijaga, kang tansah kumpul karo kawulane. Manut
pangandikane Kanjeng Sunan, bandhalan pangkat iku mung titipane Gusti Kang
Akarya Jagad.
Marsudi
Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/ MTs Kelas IX
(Crita
Rakyat Jawa Tengah, “Asal-Usule Kutha Semarang”. Kanthi alih bahasa lan kabesut
saperlune)