Kamis, 14 Januari 2016

BABAGAN WAYANG




Lakon wayang kaperang dadi loro: pakem lan carangan
1.      Pakem
Lakon pakem dijupuk saka crita-crita kang ana ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa, lan Purwakandha.
2.      Lakon Carangan
Lakon carangan iku njupuke saka crita pakem kang dikantheni tambahan crita liyane, saka crita carangan iki banjur akeh gagrag-gagrag kang tansah beda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akeh. Nanging ana kalane gawe bingung, amarga bisa bae lakone padha nanging critane dadi beda.

Sakliyane lakon pakem lan carangan, uga ana lakon sempalan lan banjaran. Lakon iki uwis ngalami owah-owahan amarga manut ubahing jaman.
1.      Sempalan
Lakon sempalan iku lakon sing wis dadi lakon gubahan, beda karo asline amarga disaluyokake dening gagrag anyar kaya lakon-lakon wayang mbeling utawa lakone anggita Ki Harsono Siswocarito.
2.      Banjaran
Lakon banjaran iku jinising lakon wayang purwa sing nyaritakake lelakuning paraga wayang wiwit lair nganti seda. Lakon banjaran dikenalake dening Alm. Ki Nartosabdo. Sebadyan lakon iku dawa lan ginelar sewengi natas, ananging ora ngilangi bakuning pagelaran wayang purwa. Kawiwitan saka talu, jejer I, kaputren, limbukan, bodholan, perang gagal, jejer II, perang kembang, gara-gara, jejer III, perang brubuh nganti tancep kayon.

Buku Basa Jawa SMA/ MA Kelas XII


Atur Pasrah utawa Panampi Pinanganten ing Pahargyan




                Pasrah penganten lanang ana kang dilaksanakake nalika acara midodareni, yaiku ing wengi sadurunge acara ijab lan majemuk ditindakake. Ana uga kang adani sadurunge acara ijab kabul, lan uga ana kang dilaksanakake sadurunge acara panggih utawa majemuk.
            Pasrah calon penganten ing midodareni wektune beda karo wektu panggih, mula tetep kudu diadani, dene pasrah calon penganten ing acara ijab lan acara panggih biasane ana ing wektu kang padha. Ijab kabul adakane diterusake acara panggih, utawa yen arep diadani ing sadurunge panggih, becike ora usah dipasrahake sadurunge ijab kabul. Kaya mangkono iku mung kanggo ngringkes wektu bae, nanging yen arep dileksanakake loro-lorone ya ora apa-apa.
            Cengkorongan sesorah pasrah penganten utawa nampa pasrah penganten ing upacara adat Jawa, lumrahe kaya kasebut ing ngisor iki.
a.       Salam pambuka.
b.      Pakurmatan.
c.       Puji syukur marang Gusti Allah.
d.      Nepungake dhiri kang sesorah.
e.       Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pengiringan calon manten.
f.       Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang lan saubarampene.
g.      Pamuji utawa pangarep-arep.
h.      Panyuwunan pangapura tumrap kulawarga calon penganten lanang.
i.        Panyuwunan pamit ( yen mengkone ora ana acara pamitan )
j.        Panutup ( panyuwunan pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/ nampa).
k.      Salam panutup.

Buku Basa Jawa untuk SMA Kelas XII

AKSARA JAWA SAKING SERAT WIRID



www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

1. Ha : Hananira sejatine wahananing Hyang.
Adanya pada hakekatnya adalah pendukung Hyang .... wujud atau
kebenaran.
2. Na : Nadyan ora kasad mata pasti ana.
Meskipun tidak nampak oleh mata, tetapi ia pasti ada.
3. Ca : Careming Hyang yekti tan ceta wineca.
Nikmatnya Hyang yang sesungguhnya tak (dapat) diuraikan dengan
jelas(mempergunakan kata-kata). Karena tak ada sesuatu yang
menyerupai Hyang.
4. Ra : Rasakena rakete lan angganira.
Rasakanlah eratnya dengan badanmu.
5. Ka : Kawruhanan jiwa kongsi kurang weweka.
Ketahuan dari jiwa jika kurang diusahakan.
6. Da : Dadi sasar yen sira nora waspada.
Jika tidak waspada (kau) akan menjadi sesat.
7. Ta : Tamatna prabaning Hyang Sing Sasmita.
Perhatikanlah cahaya Hyang yang memberikan isyarat.
8. Sa : Sasmitane kang kongsi bisa karasa.
Isyarat yang sampai dapat dirasakan.
9. Wa : Waspadalah wewadi kang sira gawa.
Lihatlah dengan seksama (sifat) batin sesungguhnya yang anda
bawa.
10. La : Lalekna yen sira tumekeng lalis.
Lupakanlah pada waktu anda sampai pada kematian.
11. Pa : Patisasar tan wus manggyapapa.
Kematian sesat yang tak sampai pada tujuan akan menjumpai
kesengsaraan.
12. Dha : Dhasar beda lan kang wus kalis ing godha.
Pada dasarnya berbeda dengan (orang) yang telah tak terpengaruh
oleh godaan.
13. Ja : Jangkane mung jenak jemjeming jiwaraga.
Rencana tindakannya, hanya tahan tenteram didalam kebesaran
jiwa.
14. Ya : Yatnanana liyep luyuting pralaya.
Lihatlah dalam keadaan lupa-lupa ingat mengaburnya
pralaya/kematian.
15. Nya : Nyata sonya nyenyet lebeting kadonyan.
Nyata (bahwa) sunyi senyap (segala) jejak keduniawian.
16. Ma : Madyen ngalam perantunan aja samara.
Ditengah “ngalam perantunan” janganlah ragu-ragu.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
17. Ga : Gayuhaning tanaliyan jung sarwa arga.
Tak ada lain yang hendak dicapai kecuali segala “gunung” atau
“jamuan”.
18. Ba : Bali murba wisesa ing njero njaba.
Kembali mengatur menguasai (segi) luar dan dalam.
19. Tha : Thukulane widadarja tebah nistha.
Tumbuhnya kekuatan hukum menembus kerendahan/kehinaan.
20. Nga : Ngarah-arah ing reh mardi-mardiningrat.
Berhati-hati dalam merencanakan pengaturan-mengatur dunia.
Uraian mengenai 20 petunjuk “aksara” - dari serat sastra gending; Karya Sultan
Agung Prabu Anyakrakusuma.
1. Sahasa Jawa.
“Kawuri pangertine Hyang, taduhira sastra kalawan gending, sokur yen wus
sami rujuk nadyan aksara jawa, datan kari saking gending asalipun, gending
wit purbaning kala, kadya kang wus kocap pinuji”.
Bahasa Indonesia.
“Pemusatan diri pada Hyang, petunjuknya berupa sastra (syariat) dan bunyi
gending (Manipat). Jika telah disepakati (bersama), meskipun aksara jiwa
tidak meninggalkan bunyi gending asalnya, bunyi gending sejak jaman
purbakala, seperti yang telah diucapkan terdahulu.”
2. Bahasa Jawa
“Kadya sastra kalidasa, wit pangestu tuduh kareping puji, puji asaling
tumuwuh, mirit sang akadiyat, ponang : Ha na ca ra ka : pituduhipun, dene
kang : da ta sa wa la; kagetyan ingkang pinuji”.
Bahasa Indonesia
“Seperti halnya sastra (aksara jawa) yang dua puluh (adalah) sebagai pemula
untuk mencapai kebenaran, yang mempatkan petunjuk akan makna puji, serta
puji kepada segala sumber yang tumbuh (atau hidup); memberikan (mirit)
ajaran akadiyat berupa ha na ca ra ka, petunjuknya. Sedang da ta sa wa la,
adalah berarti kepada (kepada Tuhan) yang dipuji”.
3. Bahasa Jawa.
“Wadat jati kang rinasan, ponang: pa da ja ya nya; angyekteni, kang tuduh lan
kang tinuduh, pada santosanira, wahanane wakhadiyat pembilipun, dene kang
: ma ga ba ta nga, wus kenyatan jatining sir”
Bahasa Indonesia
“Wadat jati yang dirasakan berupa: pa da ja ya nya; adalah yang menyaksikan
bahwa yang memberi dan yang diberi petunjuk adalah sama teguhnya;
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
tujuannya (adalah) mendukung dan akhadiyat, sedang: ma ga ba ta nga
(berarti) sudah menjadi nyata (keadaan) sir yang sejati?’.
4. Bahasa Jawa.
“Pratandane Manikmaya, wus kenyatan kawruh arah sayekti, iku wus akiring
tuduh, Manikmaya an taya, kumpuling tyas alam arwah pambilipun, iku witing
ana akal, akire Hyang Maha Manik”.
Bahasa Indonesia.
“Tanda (daripada) Manikmaya (terlihat) juga sudah nyata pengetahuan akan
tujuan yang sesungguhnya, itulah akhir dari pada petunjuk; Manik Maya
adalah Tiada/Taya (suwung) (yaitu) bersatunya hati dengan alam arwah; itulah
saat mulanya ada akal, dan adalah akhir dari pada Hyang Maha Manik”.
5. Bahasa Jawa.
“Awale Hyang Manikmaya, gaibe tan kena winoring tulis, tan arah gon tan
dunung, tan pesti akir awal, manembahing manuksmeng rasa pandulu, rajem
lir hudaya retna, trus wening datanpa tepi”.
Bahasa Indonesia.
“Kegaiban dari awal Hyang Manikmaya tak dapat diramu atau diungkap
dengan tulisan, tiada awal dan tiada tempat, tiada arah dan tiada akhir;
sembahnya (dengan) melebur ke dalam rasa penglihatan, (bersifat) tajam
bagaikan pucuk manikam, jernih tembus tak bertepi”.
6. Bahasa Jawa.
“Iku telenging paningal, surah sane kang sastra kalih desi, lan mirit sipati rong
puluh, sipat kahananing dat, ponang akan durung ana ananipun kababaring
gending akal, Manikmaya wus kang ngelmi”.
Bahasa Indonesia
“Itulah pusat penglihatan, makna daripada dua puluh aksara, dan (juga)
mengajarkan sifat dua puluh, sifat keadaan Dat, ketika akal belum mengada
(ada) terurai dalam kata-kata (yang) menyatakan akal, Manikmaya itulah
Ngelmi”.