Minggu, 17 Januari 2016

WIRAYAT JATI

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan
wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning
Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng N.
Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre
manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.
Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang
kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah
puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan,
sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun
asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên
kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun
kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming
Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi
pangangên-angênipun (ciptanipun).
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit
suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila
kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika,
inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon. Mila inggih
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene
sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun
kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning
basa.
Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap
punika:
I. 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing
Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N.
Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apaapa,
awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana
dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip
luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma,
afngal).
2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana
Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun
inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing
warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning
Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang
misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên
lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.
II. 1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka
kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan
adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan
pangandikanipun Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên
pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan
anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan
pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan
pakartiningsun, kang dadi pratandha.
2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun
dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan
dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.
6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi
warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake
bae.
7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan
pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming
badan alus.
8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan
sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau

tumitah ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

Wigatosipun Nglestantunaken Basa Jawi


Indonesia inggih menika Nagari ingkang sugih ragam budaya kaliyan basanipun. Basa inggih menika piranti komunikasi ingkang dipunagem bebrayan anggenipun interaksi. Basa ugi dados salah satunggaling unsur budaya saben wewengkon ingkang maneka warni. Kalawau sejatosipun anggadhahi ciri ingkang saged mbentenaken wewengkon kasebat. Basa khas utawi logat menika saged dipunsebat dialeg. Salah satunggaling ragam dialeg basa jawi inggih menika dialeg Surakarta ingkang kawentar unduh usuk utawi unggah-ungguhipun ingkap trep kaliyan tata laku, ananging ewuh menapa basa Jawi samenika cures katiles jaman. Kamangka basa jawi saged nuwuhaken pribadi ingkang unggul, tata tratap sila dumateng liyan sanes.
Basa Jawi panci kawentar dados basa ingkang saged dipunsebat angel amargi anggadhahi pamilihing tembung utawi diksi ingkang maneka warni ingkang dipuntrapaken kaliyan unduh usuk utawi tingkatan. Tetembungan mawi basa jawi menika dipuntrapaken kaliyan tiyang ingkang micara kaliyan tiyang ingkang dipunajak wicara. Sedayanipun anggadhahi ragam basa, kadosta ngoko lugu, ngoko alus, karma lugu, karma alus, lan sapanungalanipun.
Sejatosipun raos priatin ngengingi para pemuda-pemudi, para bebrayan ingkang tresna kaliyan basa jawi saged ndadosaken susahing manah wonten jaman samenika. Padatanipun para pamuda-pamudianggenipun migunakaken basa padintenan asring ngagem basa Indonesia. Kamangka kedahipun ngagem basa jawi minangka basa padintenan. Saengga basa jawi menika kados ical saking pribadinipun para pamuda tanah jawa. Mboten naming menika ingkang ndadosaken prihatining manah, bebrayan jawi samenika kepara langkung bombong anggenipun ngudhi kawruh babagan basa daerah piyambak inggih menika basa jawi.
Mbok menawi anggenipun nguri-uri kaliyan nglestantunaken basa jawi menika mboten kalajengaken wonten ing generasi muda samenika saged ndadosaken curesing basa jawi menika.
Basa jawi mboten cures mbok menawi bebrayan jawi samenika kersa anggenipun migunakaken basa padintenan nuninggih mawi basa jawi. Wonten faktor lumunturing basa jawi salah satunggalipun inggih menika urbanisasi. Urbanisasi ingkang ndadosaken pindahing bebrayan Desa wonten Kitha. Mboten namung samenika, kathahipun bebrayan ingkang sampun mapan wonten kitha menika ugi dugi saking tlathah ingkang mawarni-warni, ingkang etnis kaliyan budayanipun ugi benten. Pramila bebrayan jawi menika langkung milih basa ingkang saged dipunpahami inggih menika basa Indonesia. Panci sedayanipun kedah dipunwiwiti saking wekdal samenika. Ingkang saenipun generasi pemuda ingkang sejatosipun dados generasi penerus bangsa ingkang saged ndandani kahanan menika. Kamangka para pemuda wonten jaman menika kepara migunakaken basa Jawi nalika wicara kaliyan kanca-kancanipun supados mboten sinebat “katinggalan jaman ” (ngendikanipun Sujarwo).

Mboten namung menika curesipun basa jawi saged dadosaken raos tata trapsilanipun pribadi ingkang kirang tanggap kaliyan tiyang sanes. Solusi saking perkawis menika nuninggih kedhahipun dipunwiwiti saking saben pribadadinipun bebrayan jawi piyambak. Mboten anggadahi raos lingsem kaliyan basa jawi piyambak, tiyang sepuh ugi kedahipun migunakaken basa Jawi kaliyan lare-larenipun, ingkang sejatosipun saged ngulinakaken anggenipun migunakaken basa Jawi. Sumangga kula kaliyan panjenengan nguri-nguri basa Jawi. Menawi mboten, sinten malih ingkang kersa nglestantunaken basa jawi samenika? Sampun kersa menawi dipunsebat “ tiyang jawi sampun mboten jawani babar pisan”.

Ukara Langsung lan Ukara Ora Langsung


            Ukara langsung uga diarani luguning gunem iku ukara kang niroake pocapaning manungsa. Denen ukara ora langsung iku ukara kang ora nirokake pocapaning manungsa nanging nyaritakake pocapaning manungsa.
            Ukara ora langsung uga diarani cekaking gunem. Ukara langsung iku sejatine ukara camboran kang kadhapuk sarana rinaketake.
Tuladha ukara langsung:
1.     Jony kandha, “Aku seneng wulangan basa jawa.”
2.     Kowe takon, “Kowe arep menyang ngendi?”
3.     Aku mangsuli, “Dheweke sing duwe buku ngulandara.”

Manawa diowahi dadi ukara ora langsung, dadine kaya mangkene.
1.     Jony kandha, yen (manawa) dheweke seneng wulangan basa jawa.
2.     Dheweke takon, manawa kowe arep menyang ngendi.
3.     Aku mangsuli, yen dheweke sing duwe buku ngulandara.


“CAKRAWALA” Buku Bahasa Jawa Kelas IX

Tuladha Wara-wara



Minangka tataran ajange maca lan nulis basa lan sastra Jawa, Panitya Pangetan Ambal Warsa kaping-32 SMP Teladan ngadani lomba ngarang geguritan.
Dene syarat-syarate melu lomba, yaiku:
1.       Paserta lomba yaiku siswa SMP Teladan kelas VII-IX.
2.       Naskah geguritan asli karyane dhewe.
3.       Naskah geguritan durung tau dipacak ing ariwarti utawa kalawarti.
4.       Naskah dikirim menyang Panitya Lomba Ngarang lan Maca Geguritan Jawa SMP Teladan.
5.       Naskah geguritan uga dikantheni dhata peserta.
6.       Naskah ditunggu dening panitya paling keri tanggal 28 Mei 2011.

Ayo rame-rame melu lomba! Kanggo ngisi wektu kosong ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.
                                                                               
                                                                                                Yogyakarta, 25 April 2011
Ketua Panitia
Ngarang lan Maca Geguritan


Bagaskara Adi Putra


“WAJAR” Buku Basa Jawa SMP/ MTs kelas VII

Tembung Saloka



          Tembung kebo nusu gudel, ula marani gebug, ula marani sunduk, iku kalebu tembung Saloka. Tembung Saloka yaiku tetembungan kang duweni teges
Pepindhan/ perumpamaan, sing diumpamakake kewan.
Tuladha:
1.    Asu arebut balung.                       
2.    Asu gedhe menang kerahe.
3.    Asu marani gepuk / gebug.
4.    Bebek mungsuh mliwis.
5.    Cebol nggayuh lintang.
6.    Cecak nguntal empyak.
7.    Emprit abuntut bedhug.
8.    Gajah alingan suket teki.
9.    Iwak klebu ing wuwu.
10.                   Kebo bule mati setra.

Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP / MTs Kelas IX



SULUK SAJATINING SALAT SARENGAT TAREKAT KAKEKAT MAKRIPAT


Posted by Mas Kumitir on June 16, 2011
Anggitanipun abdi-dalem Pangeran Sastrawijaya.
Sekar tengahan Gambuh Ketawang : 9 pada.
1.Kawruhana jenenge sa/lat kang nyata, kang kariyin ing-aran salat Jumungah, iya iku bubuhaning sembah raga, salat kajat iku sembahe tyasira.
2.Salat daim sembah ing roh mring Pangeran, lawan salat ismu ngalam kawruhana, iya iku bubuhaning sembah rasa,  sakalire jumeneng aneng manusa.
3.Tertibipun kabeh iku kawruhana, jasadira roholah den-kawruhana, sadayane puniku aneng nging sira, lapalipun puniki ing-ucapena.
4.Al ‘insanu siri wahana sirahu (?), nyataning dat puniku nyataning sipat, nyatane roh asmane ati sejati, nyatanipun apngallolah iku jasat.
5.Apan sira dadya warananing suksma, poma-poma aywa kerup sanak ing wang, sapa wonge angulati ing pangeran, nora liyan aneng dhirine priyongga.
6.Yen muhunga mring sariranya pan sasar, iya iku sabdaning nabi kang nyata, lan sing sapa arsa wikan ing sarira, sanyatane dadi wikan ing pangeran.
7.Iya / iku kang ngarsa wruh dipun-nyata, lan sing sapa kang wikan maring sarira, dadi wikan wong ngiku maring pangera, kang satengah ana lapal kang mangkene.
8.Al ‘insanu naskatu aki dalilnya, maknanipun manusa tandhane ekak, tersandhane puniku patang prakara, ingkang dhihin puniku tandhaning edat.
9.Kaping kalih puniku tandhaning sipat, kang kaping tri ya apengaling manusa, ping sakawan obah osik saking Ngallah, rasaningsun iya rasaning manusa.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

SULUK MAKMUNURADI SALIKIN


Posted by Mas Kumitir on July 4, 2011
Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura.
Sekar Maskumambang : 52 pada.
1./Timbuling tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur kula jajah wana.
2.Apaparab Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab kawijilannya.
3.Aneng Ngarga Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta mamati raga.
4.Semadinta Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber pamususira.
5.Mring pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang Mudha Among-brongta.
6.Sun semadi lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget gentur tapa.
7.Pan tinata saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing jeng Rasullulah.
8. Pan anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi, sang ibu raja pandhita.
9.Wus angangkat mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki, maring sajatining ana.
10.Anggung pana ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki, liwing gaib sampurnanya.
11.Upamane sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang mongka kayu Hyang Suksma.
12.Kang mongka geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan ana sih ing Hyang.
13.Kadyangganing sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening ta ingkang minongka.
14.Wong ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.
15.Ing Hyang Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih, kang datan wisesa punika.
16.Inggih sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa sayekti, pan datan amor ing ganal.
17.Datan amor ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang Maha Mulya.
18.Langgeng kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge lan tekiyurnya.
19.Pan saking Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.
20.Sembah pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning, ngawiyat tumameng wadhah.
21.Titiga kang sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi kaping trinya.
22.Wawayanganing wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang memba ing to/ya buthak.
23.Yekti bawur kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi, sayekti suwung tan ana.
24.Wawayanganing wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma ingkang tumiba.
25.Toya wening tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring Allah kang murbeng jagat.
26.Kang tumiba ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya marang.
27.Kapenedan ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang ngarepaken hawanya.
28.Amaregi ing pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang ing sadinanira.
29.Kang mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato kang wenang pinangan.
30.Karantene dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi, pangastutinya sang brongta.
31.Kasatriyanira den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.
32.Apan tuhu nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku jatining manusa.
33.Sayogya tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa potang ing Hyang Suksma.
34.Ngentha-enthu jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang yekti tan tinekan.
35.Paran madya dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah pangan turunya.
36.Pamintanya asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa bek utama.
37.Dipun-mantep anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana gunung raga.
38.Pan sandika tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi gunung raga.
39.Gunung ing tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike lan panarima.
40.Den-babadi ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan lawan donga.
41.Saponana toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi ing lampah.
42.Raregede binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus wus winiwitan.
43.Sinimpenan maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi, kang ngarga katon anglela.
44.Kang pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri, witing ngilmu lawan lampah.
45.Panarima winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing pati kang rineksa.
46.Witing salat punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni, witi[ng] naraka rinusak.
47.Wus mardika sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe anungsung toya.
48.Iman Tokit kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis, asandhangan wektu lima.
49.Iketipun wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi, nyampingipun wektu ngasar.
50.Mung sabuke punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri kasutnya.
51.Sebe alus jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam nasut linayaran.
52.Dening Raden Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta unggyan mulyan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.