Upacara
adat penganten Jawa jaman biyen, wiwit seka ndhodhog kori nganti tekan ngundhuh
mantu kabeh ditata. Amarga kabeh sarwa ditata, mula saben acara ana acara
sesorah. Sesorah kang magepokan karo adat mantu iku cacahe akeh banget, yaiku:
1. Atur
nalika ndhodhog kori (nembung), biasane ora diwara-warakake.
2. Atur
pasrah paningset lan atur panampa pasrah banyu siraman.
3. Atur
pasrah banyu siraman lan atur panampa pasrah banyu siraman.
4. Atur
pasrah calon penganten lanang ing acara midodareni lan atur panampane.
5. Atur
pamitan ing acara midodareni lan atur waluyane.
6. Atur
pasrah calon penganten lanang nalika arep ijab lan atur panampane.
7. Atur
pasrah calon penganten lanang nalika arep majemuk/ temu lan atur panampane.
8. Atur
pasrah penagnten sarimbit nalika ngundhuh mantu (sepasaran) lan atur panampane.
9. Atur
pambagyaharja ing acara siraman, midodareni, majemuk utawa ing pahargyan lan
sak panunggalane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar