www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
Piwulang nem prakawis kasebut ing Serat Agutara Nikaya
punika nyimpen wewados
ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang
pikajenganipun asung piwulang dhateng
kita, yen sadaya pandamel punika sayogi katindhakna
kanthi papadhanging angenangen.
Menggah piwulang kalawau badhe kawedharaken kados ing
ngandhap punika:
1. Aja ngandel pituturing wong. Menggah pikajenganipun
kita sampun ngandel dhateng
pituturing tiyang ingkang boten kaseksen tuwin ingkang
boten miturut dhateng
gumela ring akal sarta ingkang boten saged kaseksen
dening papadhanging nalar.
2. Aja ngandel marang wirayat kuna amarga saka lawase.
Pikajenganipun tembung
lawas = luwas = lawas = suwe = tebih = memet = lebet.
Artosipun punika sagedipun
kita ngandel, inggih manawi kita sampun saged njajagi
maksudipun wirayat wau.
3. Aja ngandel pawarta amarga akeh kang ngandhaake.
Pikajenganipun sampun
ngantos ngandel dhateng pawartosipun tiyang ingkang
sampun misuwur, cidra,
sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi boten
kapaelu.
4. Aja ngandel thok waton layang karangane wong
wicaksana ing jaman kina.
5. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel kemawon
dhateng sadaya serat-serat
kina. Awit serat-serat wau upami mungela abrit saged
ugi maksudipun cemeng.
Inggih serat makaten punika ingkang kedah kita
jinggleng maksud suraosipun.
Sadaya serat piwulang punika sami dinapur pralampita ,
dene badharing pralampita
wau muhung saking pangertosan kita pribadi.
6. Aja ngandel waton saka kira-kira. Wus matuh lawas
koanggep bener.
7. Pikajenganipun sakathahing pandamel punika esahipun
manawi sampun wonten
cihnanipun. Kita prayogi manuta lan anglenggahana
kawontenaning jaman ingkang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
saweg dipun alami. Sanadyan kaanggep sae, luhur tuwin
mulya tumrap ing jaman
ingkang sampun kapengker, ananging yen ing samangke
sampun boten njamani,
inggih kedah kaberat ingkang rila. Awit yen boten
makaten, tangeh sagedipun kita
manggih karaharjan lan kamulyan.
8. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita amarga
saka panguasane.
Pikajenganipun mrayitnani dhateng pratingkahing para
ingkang ngaken dados guru
ingkang sami papacak; kudu manut miturut lan kudu asih
tresna marang gurumu lan
marang pandhuwuranmu sabab kadhudhuwuranmu iku dadi
wakile Kang Maha
Kuwasa. Lha inggih makaten wau manawi boten kita
prayitnani, temah saged ugi
dhumawah ing kasangsaran. Dene sanyatanipun ingkang
wajib asih tresna punika
ratu tumrap ing kawula, bapa biyung tumrap ing anak,
guru tumrap murid. Yen
sanyata asih trus ing lahir batos sampun tamtu kawula
sami amangsul sih katresnan
ingkang boten mawi pinarentah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar