Kamis, 14 Januari 2016

CERKAK



Dudu Bocah Biyasa
Dening Rofiatun Indah Fitriati
Sore-sore wis keprungu swara nadhoman, ora liya saka mushola kampung Rambutan. Bocah-bocah padha budhal ngaji bebarengan. Ana bocah siji sing ora kaya Bocah-bocah liyane, Randhu  jenenge, ceritane mbiyen Ibune pas nglairake ing ngisor wit Randhu pas Ibune marani Bapakke ing sawah amarga ana tamu penting tur ora ana sing dijaluki tulung. Pancen anake Pak Beja lan Bu Beja kuwi beda karo bocah liyane. Yen  Bocah-bocah kampung padha mangkat  ngaji, deweke mesthi ngilang mbuh ing ndi parane? Wong tuwane mesthi bingung nggoleki.
“Adhuh, Pakne Randhu iki mau ring ndi maneh?”
“Aku ya ora ngerti Bune? lagi tak tinggal makane Bebek saklebetan ing mburi kok wis ngilang.”
“Bocah siji kok rumatane angile ora karuwan? Lha priye ya sing bocah akih?”
“Wis to Bune, ora susah nggresula, didongakake wae ben Randhu gelem sadar.” Ujare Pak Randhu.
“Aku sing kisinan karo tangga-tangga, nduwe anak siji kok nakale ora jamak.” Karo mlaku nyang mburi.
“Bune, Bune.... bocah kaya ngono kae ya mesthi ana keluwihane, ra ketang luwih wani tinimbang bocah-bocah liyane.
Ing pasar malam Randhu asyik dodolan Layangan karo nonton jinontrol sing isine wong padha njerit-njerit kabeh. Karo mikirke wong tuwane sing ning omah wis mesthi bingung nggoleki karo ngguya-ngguyu.
“dek, Layangane pira regane?”, (Pitakone wong sing arep tuku Layangan.)
“ sewu rupiah mawon, Bu.”,
“lho, lha kok murah ya? Yawis aku tuku sepuluh ya dek.
“oh, inggih Bu, niki Layangane lan artane kula tampi nggih Bu.”
“iya, dek padha-padha muga-muga laris ya.”
Aamin, inggih Bu maturnuwun pandongane.” (Tanggepane Randhu kanthi tangan nggathung kaya dedonga.)
Dumadakan ana tanggane Randhu sing Jenenge Pak Badrun lan Bu Badriyah teka karo anake lanang sing paling cilik. Anake nangis krengek-krengek njaluk layangan.
“Wong Layangan elek ngono kok kepingin, le...le..”. (Karo namatake Randhu, sing ditamatake ethok-ethok ora rumangsa mung namatake balik.)
“Apik Bu, apik tumbasake lima ya Bu.”
“Halah akeh-akeh, siji wae ya sesok kon gawekake Pak Dul sing luwih akih lan luwih apik.”
“Halah emoh Bu,emoh.” (Karo glosoran ing lemahan njur ditamatake wong akeh sing ana ing kono.)
“Ya, ya wis ngadek aja ngisin-ngisini aku Le.”
“Tuku Layangan lima, pira regane? Cepet ora susah kesuwen wis ditunggoni mobil kae lho Aku!”
“Namung limang ewu, Bu.”
“Oh, ming limang ewu mah kecil.” (Karo mbukak dompete sing isine pancen diwit warna abang kabeh.) “iki, turahane kanggo kowe mung semono wae kok, nek perlu tak borong kabeh.”(jawabane Bu Badriyah karo methentheng.) Pancen deweke termasuk wong sugih ing Desa Rambutan, ananging rada medhit kecuali yen kanggo pamer rada ora eman-eman.
Ing omah Ibu lan Bapake bingung mikirake nganti seprene kok Randhu durung mulih.
“Pakne, Randhu ki bocah model apa ta?”
“Ya, kaya bocah liyane ta Bune.”
“lha kok kandhanane angel kaya ngandhani watu.”
“ya, dimaklumi wae Bune, wong isih bocah.”
(Dumadakan Randhu bali saka lungane karo ngucapake salam.)
“Assalamu’alaikum.”
“Waalaikumsalam.”
“Lho, bocahe wes teka Bune, bocah iku aja di petek nemen-nemen, mundhak njondhil.”
”lhawong kebangeten kok.”
Randhu mung salaman karo ngambung astane Ibu lan Bapakke ora gelem ngucap apa-apa tur mlebu menyang senthonge.
“lho, Pakne Bocah kok kaya ora tau dituturi wong tuwane.”
“wis ta Bune mikir apik wae, menawa Randhu pegel anggone mikir tugas sekolah.”
“halah, Pakne senengane meluni anake.”
       Sabendina Randhu mesthi lunga yen wis wayahe ngaji sore wong tuwane mesthi kecolongan ora tau weruh lungane bocah kuwi. Bapake Randhu mikir mesthi ing mburi ana sebabe ananging Ibune mikir sing ora-ora kahanan lungane Randhu yen wis ngancik wektu ngaji.
“Le, geneya awakmu kok ora gelem ngaji? Wong ngaji kuwi sangune mati.”
“Bune, apa ya ngaji kudu ing mushala utawa ing panggonan ngaji?”
“Ya, prenahe ta, Le.”
“Ampun kuwatir Bune kula pancen mboten kados kanca-kancane ananging kula pengen ndamel sejarah sing mboten sami kalih kanca-kancane.”
“Nganggo apa? Nganggo cara ora gelem ngaji?”
“Mboten Bune, Panjenengan mangkih mangertosi piyambak.”
Sakwise ngomong ngono kuwi Randhu mlebu marak senthonge. Ibune mung gedhek-gedhek karo ngelus dadha. Bapake sing nyawang saka lawang pawon mung bisa mesem ngeti kelakuwane anake kaya nyimpen rasa bombong atine nduwe anak kaya Randhu ananging kena apa? Apa Bapake wis ngerti kenapa Randhu nglakoni perkara ora gelem ngaji. Sing gawe ati bingung maneh kenapa Randhu yen ana lomba cerdas cermat mesthi melu malah pitakonane babagan ilmu agama. Lha saka ngendi Randhu entuk ilmu iku? Terus kenapa geleme mung melu lomba tur ora gelem melu ngaji apa deweke wis rumangsa pinter? Yen rumangsa pinter ya percaya wae wong nyatane mesthi dadi pemenang ing lomba cerdas saksuwene iki. Nanging deweke sinau saka ndi?
            Dina-dinane Randhu kaya biyasane dagangan layangan ing pasar malem, deweke tetep ora gelem ngaji ananging deweke duweni keluwarga anyar amarga dodolan layangan. Deweke rumangsa nduwe pengalaman anyar. Bisa ngrasakake ngaji tanpa ing mushala utawa ing panggonan ngaji kaya padatane, rumangsa nduwe mbakyu, kangmas, lan adhi sing durung beja kaya awake dewe. Randhu bisa ngono karo segrombolan bocah-bocah liyane sing ora nduwe wong tuwa maneh. Ademe panggonane sing rumangsa deweke ngaji ora gedhe kaya padatane ananging rumangsane luwih saka iku. Mbuh panggonan apa sing bisa nggawe Randhu krasa kaya mengkono.Randhu pancen dudu bocah sing kaya biyasane, apa sing daklakoni Randhu ora salah merga Randhu nduwe cara dewe anggone nglakoni manis paite kauripan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar