Ukara
langsung uga diarani luguning gunem iku ukara kang niroake pocapaning manungsa.
Denen ukara ora langsung iku ukara kang ora nirokake pocapaning manungsa
nanging nyaritakake pocapaning manungsa.
Ukara ora langsung
uga diarani cekaking gunem. Ukara langsung iku sejatine ukara camboran kang
kadhapuk sarana rinaketake.
Tuladha ukara langsung:
1.
Jony
kandha, “Aku seneng wulangan basa jawa.”
2.
Kowe
takon, “Kowe arep menyang ngendi?”
3.
Aku
mangsuli, “Dheweke sing duwe buku ngulandara.”
Manawa diowahi dadi ukara ora langsung, dadine kaya mangkene.
1.
Jony
kandha, yen (manawa) dheweke seneng wulangan basa jawa.
2.
Dheweke
takon, manawa kowe arep menyang ngendi.
3.
Aku
mangsuli, yen dheweke sing duwe buku ngulandara.
“CAKRAWALA” Buku Bahasa Jawa Kelas IX
Tidak ada komentar:
Posting Komentar