www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
Mratelakake laku pangluguhaning raga supaya yen kita
pralaya, badan kita wadag
bisa nyawiji karo badan kita kang alus, kasebut badan
ruhani utawa badan sukma.
Janjine bandan wadag lan alus iku ora kena pisah,
sangkan parane nunggal
kahanan jati, nanging wola-wali ing tembe badan wadag
kuwi luluh sampurna ana
sajrone badan alus kalimputan dening kayu dhaim,
tegese, urip kang tetep
dumunung ing kahanan kita pribadi, mula dipralambangi
warangka manjing curiga
(badan wadag dumunung sakjroning badan alus). Kala
badan wadag isih dadi
embane badan alus, pralambange curiga manjing warangka
(badan alus isih
dumunug ana sajroning badan wadag), mula banjur ana
anda-andahaningbebasan
mengkene :
Jasad embane budi, budi emabane napsu, napsu embane
karsa, karsa embane
sukma, sukma emabane rahsa, rahsa emabane cipto, cipto
embane kawasa
kawasa emabane wisesa.
Dene pangluluhe badan wadag mau klakon kudu ameper
saliring hawa nafsu,
sarta nglakonana budi rila, legawa, trima, temen,
bener, susila lan utama.
Opadene anyipto ajal antukna mengkene :
Jagad bumi alam kabeh sumusupa marang rahsa, rahsa
sumusupa marang cahya,
cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang
ingsun, ingsun jumeneng
pribadi.
Liya kasebut ing duwur mau, sayogane ngaurip iku angina
ciptasasmita kang metu
saka tuwuhing budi, kang kabarengan karo undake umur.
Dene tuwuhane budi
kanggone ngaurip, bener salin sinalin, yaiku :
Tuwuhing pangeling, tuwuhing pamarsudi, tuwuhing
derange karep, tuwuhing
pangati-ati, tuwuhing bebuden, tuwuhing kasantosan,
tuwuhing rumangsa,
tuwuhing lereming ati, tuwuhing jatmika lan tuwuhing
beak paeka.
Murih ajo nganti klakon mengkono, ora liyo mung kudu
nyegah saliring hawa
nafsu, sarta marsudi sampurnaning ilmu, ana wewarah
mengkene :
1. Gede-gedene dosa ilku wong ulah ilmu makrifat kang
mogul, awit saka iku
during kabuki ing pambudi dadi ora weruh surasane.
2. Dene kang wis padang kuwasa nampani surasane ilmu
kabeh, mesti nemu
kamulyaning sangkan paran. Kasebut ing hadis sakjrone
kitab insane kamil
mengkene :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
Sapa kang weruh ing pangerane, ya weruh ing badane,
sapa weruh badane ,
ya weruh pangerane.
Tegese : Kang weruh ing pangeran, iku ya kang weruh ing
surasane ilmu
makrifat kabeh.
Tegese : Kang weruh marang badane, iku ya kang biasa
weruh ing urip jiwa
ragane dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar