Minggu, 17 Januari 2016

Wigatosipun Nglestantunaken Basa Jawi


Indonesia inggih menika Nagari ingkang sugih ragam budaya kaliyan basanipun. Basa inggih menika piranti komunikasi ingkang dipunagem bebrayan anggenipun interaksi. Basa ugi dados salah satunggaling unsur budaya saben wewengkon ingkang maneka warni. Kalawau sejatosipun anggadhahi ciri ingkang saged mbentenaken wewengkon kasebat. Basa khas utawi logat menika saged dipunsebat dialeg. Salah satunggaling ragam dialeg basa jawi inggih menika dialeg Surakarta ingkang kawentar unduh usuk utawi unggah-ungguhipun ingkap trep kaliyan tata laku, ananging ewuh menapa basa Jawi samenika cures katiles jaman. Kamangka basa jawi saged nuwuhaken pribadi ingkang unggul, tata tratap sila dumateng liyan sanes.
Basa Jawi panci kawentar dados basa ingkang saged dipunsebat angel amargi anggadhahi pamilihing tembung utawi diksi ingkang maneka warni ingkang dipuntrapaken kaliyan unduh usuk utawi tingkatan. Tetembungan mawi basa jawi menika dipuntrapaken kaliyan tiyang ingkang micara kaliyan tiyang ingkang dipunajak wicara. Sedayanipun anggadhahi ragam basa, kadosta ngoko lugu, ngoko alus, karma lugu, karma alus, lan sapanungalanipun.
Sejatosipun raos priatin ngengingi para pemuda-pemudi, para bebrayan ingkang tresna kaliyan basa jawi saged ndadosaken susahing manah wonten jaman samenika. Padatanipun para pamuda-pamudianggenipun migunakaken basa padintenan asring ngagem basa Indonesia. Kamangka kedahipun ngagem basa jawi minangka basa padintenan. Saengga basa jawi menika kados ical saking pribadinipun para pamuda tanah jawa. Mboten naming menika ingkang ndadosaken prihatining manah, bebrayan jawi samenika kepara langkung bombong anggenipun ngudhi kawruh babagan basa daerah piyambak inggih menika basa jawi.
Mbok menawi anggenipun nguri-uri kaliyan nglestantunaken basa jawi menika mboten kalajengaken wonten ing generasi muda samenika saged ndadosaken curesing basa jawi menika.
Basa jawi mboten cures mbok menawi bebrayan jawi samenika kersa anggenipun migunakaken basa padintenan nuninggih mawi basa jawi. Wonten faktor lumunturing basa jawi salah satunggalipun inggih menika urbanisasi. Urbanisasi ingkang ndadosaken pindahing bebrayan Desa wonten Kitha. Mboten namung samenika, kathahipun bebrayan ingkang sampun mapan wonten kitha menika ugi dugi saking tlathah ingkang mawarni-warni, ingkang etnis kaliyan budayanipun ugi benten. Pramila bebrayan jawi menika langkung milih basa ingkang saged dipunpahami inggih menika basa Indonesia. Panci sedayanipun kedah dipunwiwiti saking wekdal samenika. Ingkang saenipun generasi pemuda ingkang sejatosipun dados generasi penerus bangsa ingkang saged ndandani kahanan menika. Kamangka para pemuda wonten jaman menika kepara migunakaken basa Jawi nalika wicara kaliyan kanca-kancanipun supados mboten sinebat “katinggalan jaman ” (ngendikanipun Sujarwo).

Mboten namung menika curesipun basa jawi saged dadosaken raos tata trapsilanipun pribadi ingkang kirang tanggap kaliyan tiyang sanes. Solusi saking perkawis menika nuninggih kedhahipun dipunwiwiti saking saben pribadadinipun bebrayan jawi piyambak. Mboten anggadahi raos lingsem kaliyan basa jawi piyambak, tiyang sepuh ugi kedahipun migunakaken basa Jawi kaliyan lare-larenipun, ingkang sejatosipun saged ngulinakaken anggenipun migunakaken basa Jawi. Sumangga kula kaliyan panjenengan nguri-nguri basa Jawi. Menawi mboten, sinten malih ingkang kersa nglestantunaken basa jawi samenika? Sampun kersa menawi dipunsebat “ tiyang jawi sampun mboten jawani babar pisan”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar