Minggu, 17 Januari 2016

NULIS GEGURITAN



Nulis geguritan iku sejatine meh padha karo nulis fiksi. Dene bab-bab kang kudu digatekake menawa arep nulis geguritan, kaya ing ngisor iki.
1.    Nemtokake sawijining objek kang narik kawigaten.
2.    Nyeritakake objek sing wis dipilih nggunakake basa kang lugu.
3.    Ngubah crita kasebut nggunakake tembung-tembung kang mentes lan mantesi.
4.    Maca bola bali tembung-tembung kang wis dirakit.
5.    Penganggit kudu nduweni krenteg terus nulis.
6.    Ngupaya nduweni rasa seneng utawa minat kanggo nulis geguritan.


(“WAJAR” Buku Basa Jawa SMP/MTs Kelas VII)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar