Lakon
wayang kaperang dadi loro: pakem lan carangan
1. Pakem
Lakon pakem dijupuk saka
crita-crita kang ana ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin
Ramayana, Pustaka Raja Purwa, lan Purwakandha.
2. Lakon
Carangan
Lakon carangan iku njupuke saka
crita pakem kang dikantheni tambahan crita liyane, saka crita carangan iki
banjur akeh gagrag-gagrag kang tansah beda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi
tambah akeh. Nanging ana kalane gawe bingung, amarga bisa bae lakone padha
nanging critane dadi beda.
Sakliyane lakon pakem lan carangan, uga ana lakon
sempalan lan banjaran. Lakon iki uwis ngalami owah-owahan amarga manut ubahing
jaman.
1. Sempalan
Lakon sempalan iku lakon sing wis
dadi lakon gubahan, beda karo asline amarga disaluyokake dening gagrag anyar
kaya lakon-lakon wayang mbeling utawa lakone anggita Ki Harsono Siswocarito.
2. Banjaran
Lakon banjaran iku jinising lakon
wayang purwa sing nyaritakake lelakuning paraga wayang wiwit lair nganti seda.
Lakon banjaran dikenalake dening Alm. Ki Nartosabdo. Sebadyan lakon iku dawa
lan ginelar sewengi natas, ananging ora ngilangi bakuning pagelaran wayang
purwa. Kawiwitan saka talu, jejer I, kaputren, limbukan, bodholan, perang
gagal, jejer II, perang kembang, gara-gara, jejer III, perang brubuh nganti
tancep kayon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar