Rama Wiwaha
Kacariyos, Prabu Rama punika
sejatosipun dewa. Asmanipun inggih menika Wisnu. Piyambakipun manjanma dados
manungsa tumurun saking kahyangan dhateng donya. Sadaya kala wau awit
panyuwunipun para dewa sanesipun, amargi para dewa boten tentrem dipunganggu
dening Nata Alengka inggih menika Dasamuka utawi Rahwana.
Ing salah satunggaling dinten, Prabu
Rama tuwin Lesmana nembe ngumbara dhateng pundi-pundi, njajah dhusun nasak
wana, dumugi nagari sanes. Nalika semanten nglangkumhi Nagari Widheha utawi
Manthili. Ratu utawi rajanipun kaparingan asma Janaka. Kaleresan ing Nagari
Manthili saweg ngawontenaken sayembara. Sinten ingkang saged menthang gandhewa
pusaka kraton, badhe kapundhut mantu, pikantuk putranipun putri ingkang
kaparingan asma Shinta.
Kathah ingkang dherek sayembara.
Sadaya sami nyobi menthang gandhewa, sami ngedalaken karaosipun nanging boten
sami kasil. Punapa malih menthang, njunjung kemawon boten kiyat. Nanging dumugi
giliranipun Rama, gandhewa dipunjunjung lon-lonan, lajeng kapenthang kanthi
gampil. Sakala gandhewa tugel tengah. Swantenipun gumludug, kados mbudhegaken
talingan. Ingkang sami ningali manahipun sami gumun. Minangka bebungahipun
sayembara, pramila Rama pikantuk Ayu Shinta.
Upacara wiwaha mawi cara agengan
utawi rame-rame. Dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Sasampunipun
anggenipun gadhah damel bibar, kekalihipun lajeng kaboyong saking Nagari
Widhela/Manthili dhateng Nagari Kosala. Ing Nagari kasebat, penganten kekalih
dipunsubya-subya mawi pahargyan mawarni-warni.
Marsudi Basa
lan Sastra Jawa kanggo SMP/ MTs Kelas IX
(Kapethik saka:
crita Ramayana)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar