Kethoprak kalebu salah sawijining
kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan.
Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasorake
kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak, lan sakliyane.
Sejarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud
dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaake lelipur sinambi nebuh lesung
kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe
kaering tembang bebarengan ing kampung/ dhusun kanggo lelipur. Sateruse ana
tambahan kendhang, terbang lan suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak
Lesung, kira-kira kadadeyan i ng tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan
dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/
lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan sing
resmi ing ngarepe masyarakat/ umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani
dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake
yaiku: Warsa-Warsi, Kendana Gendini, Darma-Darmi, lan sapanunggalane. Sawise
iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane
masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kedadeyan sawise Pagelaran
Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
Buku
Basa Jawa SMA/ MA Kelas XII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar