Pasrah penganten lanang ana kang dilaksanakake nalika acara
midodareni, yaiku ing wengi sadurunge acara ijab lan majemuk ditindakake. Ana
uga kang adani sadurunge acara ijab kabul, lan uga ana kang dilaksanakake
sadurunge acara panggih utawa majemuk.
Pasrah calon penganten ing
midodareni wektune beda karo wektu panggih, mula tetep kudu diadani, dene
pasrah calon penganten ing acara ijab lan acara panggih biasane ana ing wektu
kang padha. Ijab kabul adakane diterusake acara panggih, utawa yen arep diadani
ing sadurunge panggih, becike ora usah dipasrahake sadurunge ijab kabul. Kaya
mangkono iku mung kanggo ngringkes wektu bae, nanging yen arep dileksanakake
loro-lorone ya ora apa-apa.
Cengkorongan sesorah pasrah
penganten utawa nampa pasrah penganten ing upacara adat Jawa, lumrahe kaya
kasebut ing ngisor iki.
a.
Salam pambuka.
b.
Pakurmatan.
c.
Puji syukur
marang Gusti Allah.
d.
Nepungake dhiri
kang sesorah.
e.
Atur salam
taklim/kawilujengan rombongan pengiringan calon manten.
f.
Wigatining
sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang lan saubarampene.
g.
Pamuji utawa
pangarep-arep.
h.
Panyuwunan
pangapura tumrap kulawarga calon penganten lanang.
i.
Panyuwunan
pamit ( yen mengkone ora ana acara pamitan )
j.
Panutup (
panyuwunan pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/ nampa).
k.
Salam panutup.
Buku Basa Jawa untuk SMA Kelas XII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar