Kamis, 14 Januari 2016

CARA GAWE RANDHA GULUNG




Bahan:
1.      Pohung 1 kg
2.      Klapa enom separo (diparut)
3.      Gula pasir ¼ kg
4.       Panili 1 bungkus
5.      Uyah  ½  sendok mangan
Carane nggawe:
1.      Pohung dionceki, dikumbah resik banjur diparut.
2.      Parutan pohung mau diwenehi uyah, gula, lan panili dicampur, yen wis campur banjur digawe bunder-bunder saendhog pitik nganggo tangan.
3.      Adonan mau didang kurang luwih ½ jam.
4.      Yen wis mateng tutup dandang dibukak nganti rada adhem, banjur dientas terus digulung-gulungake ing klapa parut.
5.      Siap dipangan, wah rasane enak banget.

“WAJAR” Buku Bahasa Jawa SMP/ MTs kelas VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar