Bu Tutik : “Halo!”
Laras : “Sugeng sonten, punapa punika
dalemipun bu Tutik?”
Bu Tutik : “Inggih, kula Bu Tutik.”
Laras :
“Nuwun bu, kula Laras. Menawi kepareng ajeng rembagan
kaliyan Dhik Sekar.”
Bu Tutik : “O, nak Laras ta. Iya iki Sekar ana. Sekar, iki ana telpun
saka mbak Laras.”
Sekar : “Halo Mbak Laras kepriye
kabare?”
Laras :
“Kabare rada puyeng sirahku amarga ora bisa nggarap PR nomer siji lan telu.
Piye dhik wis nggarap apa durung?”
Sekar :
“Aku lagi bae nggarap nanging durung rampung.”
Laras :
“Dhik, aku sesuk wurukana carane nggarap soal nomer siji lan telu mau!”
Sekar :
“Ngene bae mbak, sesuk disinaoni bareng.”
Laras :
“Matur nuwun dhik, sugeng sinau.”
Sekar :
“Iya mbak, padha-padha.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar