www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
Luhuring kawruh babagan karahayon dumunung ana ing pangawikan
pribadi, samubarang kalir saliring bab sabarang reh mengku
kaluhuran Gusti
sinawung sekar kesumastuti.
Pangawikan Pribadi Pambukaning Kaywanan
1. Surya kembar ing madyaning ratri, tumanduking katresnan
sanyata,
lelabuhan panuntune, rawuhe panunggal laku, pengadilan asmara
wening, pinarcaya ing kodrat, tumuli manekung, sinerat pustaka
rasa,
sing prayitna lamun harsa manjing budi, memayu hayuningrat.
2. Tumurune pepakon kang jati, peparinge Kang Maha Kuwasa,
minangka
panunggal dzate, panyerat karya hayu, rahayune manunggal
kardi,
pakaryaning Pangeran, aneng budi luhur, panunggaling cipta
rasa,
miwah karsa panyerat pustaka iki, , mangestu hesti tunggal
3. Lelabuhan kang minangka wangsit, jumenenge Sang Saka
makarya,
hanglabuhi sira kabeh, marsudi budi hayu, kaluhuran sempurna
jati,
heninging wardayanya, hambeging aluhur, kinarya labuh Negara,
marma sigra sinerat pustaka iki, dadya kawuningana
4. Kang hamaca layan kang marsudi, ing wanci iki uga binuka,
kawruh
pangawikan dzate, binuka telenging kalbu, pambukaning warana
ghaib,
kunci nanpa nugraha, sempurnaning laku, memayu hayuning jagad,
Nuswantara papan panunggaling ngilmi, sempurnane ngagesang
5. Ana dene prasetyane Gusti, marang kabeh tumitah ing donya,
sing pada
gentur tapane, tetep ngawula laku, nulad marang citraning
Gusti, kang
ana ing saben titah, dadi srananipun, rahayu kang jinangka,
kasembadan sasedyane hamungkasi, hayu nir sambekala.
6. Rikalane sumujud nyawiji, jumujug marang ngarsa Pangeran,
Gusti
Kang Maha Agunge, lega lila sedarum, datan melik mring
samukawis,
sakabehing lelakon, sumarah Hyang Agung, tumurune kanugrahan,
hanulada pra priyagung duk ing uni, nulada laku tama.
7. Utamane wong aurip iki, tuwa anom ageng alit samya,
ngetingalna
labetane, hayu sesaminipun, ngesti rasa sempurneng jati,
ngenut
krenteging manah, suba sitanipun, ing pundi dununge gesang,
kang
sempurna tumeka ing zaman akhir,tentrem ing salaminya.
8. Salamine tansah mujosmedi, ing wardaya emut mring Pangeran,
tan
ginggang langgeng anane, duh tumitah sedarum, gegandengan
zaman
puniki, yen harsa urip mulya, labuhana iku, jumeneng pangawak
teja,
hanampani kanugrahane Sang Adil., wahyu makuta rama.
9. Mardikengrat mustikeng panunggil, katetepan nugraheng
Pangeran,
prayitna ing panampane, kiblat papat den ukur, lima pancer
pusering
budi, jembaring jagad raya, bumi langit jumbuh, sanadyan
durung
priksa, sayekti apa pralampiteng Sang Adil , hambega
paramarta.
10. Tanda lamun kekasihing Gusti, nora mundur nadyan mung
sejangkah,
ngemban dawuh panunggale, memayu hayu laku, hangayomi ciptane
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, gawe tentrem hayu, saisine jagad
raya,
nganggo dasar piwulang saka Sang Adil, pustaka ngesti tunggal.
11. Tunggal jati sempurneng dumadi, tunggal cipta paripurneng
lampah,
dumadiya saciptane, sakarsane maujud, tentrem hayu sempurna
jati,
anane wus tumedak, kabeh laku hayu, yen ginulang dadi srana,
kabeh
mau dadya tepa lan palupi , tumrap kang pada priksa.
12. Priksanana aneng jroning ati, talitinen sajrone wardaya,
sagung
pakaryan wulangreh, papan dununge kawruh, sempurnaning urip
lan
pati, sempurnaning panembah, lan pakaryanipun, dadya nyarira
manunggal, tumanduke makarya sarwa utami, hayu nir sambe kala
13. Kalanggengan kang pada den udi, lelabuhan mring sesame gesang,
kasempurnan dumadine, sabarang kang dinulu, kapyarsa lan
ginanda
yekti, rinasa jroning nala, panggraita jumbuh, panca driya
sung
panunggal, kaluhuran katresnan Gusti manunggil, lelangen
jroning rasa.
14. Rasa jati sempurneng aurip, kinaroban marang sihing Allah,
kataman
branta wulangreh, hayu rahayu laku, pangawikan ingkang
binangkit,
ginugah mring Pangeran, Gusti Maha Agung, tetela lamun
sanyata,
katetepan kasempurnaning dumadi, memayu hayuningrat.
15. Ratu Adil sapa kang wus uning, keparenge Gusti Kang
Kuwasa, binuka
kalbu weninge, wruh saliring lelabuh, hanedakna katresnan
jati,
katresnan yekti bisa, gawe tentrem hayu, duh kesuma jati
srana,
tampanana katresnan ingkang sejati, sajiwa lan saraga.
16. Jiwa raga gumolong sesaji, hanetepi kuwajibanira, ngawula
mring
Pangerane, mengkoni budi luhur, patembaya suwita Gusti,
tumekeng
pecat Suksma, netepi mring dawuh, hanresnani Pangeran,
hanetepi
jejering panunggal kardi, tresna sapepadanya.
17. Nyata lamun lelabuhan suci, ingkang bisa gawe tentrem
jagad, rahayu
pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan
pati,
sempurnaning panembah, mring Gusti Maha Gung, kang mengkoni
Jagad Raya, saisine kapurba wisesa Aji, Purwa Madya Wasana.
18. Wasanane wong aurip iki, dadi srana gumelaring kodrat, miturut
laku
jantrane, nadyan sifating Wahyu, kasempurneng urip lan pati,
iku amung
sarana, murih tansah hayu, kasinungan katentreman, iku wajib
den
persudi kanti becik, kinarya dadi srana,
19. Saranane sembada ngugemi, marang dawuhe Kang Maha Kwasa,
tentrem ing lahir batine, kasinungan lelaku, guyub rukun
netepi wajib,
hambangun Nusa Bangsa, lan Negarinipun, murih hayu kang
jinangka,
lelabuhan gawe tentrem jagad iki, hayu rahayu ing rat.
20. Rata waradin sajagad iki, kunci rahayu ingkang tinampa,
lelabuhan
panyerate, bawana gung rahayu, urip tentrem salami lami, duh
para
kadang ingwang, ywa kongsi kalentu, iki pepakon kang ana, den
agema
tumekaning zaman akhir, rahayu kang pinanggya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar