Minggu, 17 Januari 2016

SERAT PURWAKA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


Manawi kita gagas-gagas, lampahing ngagesang punika kenging winastan
karoban dening panyêluding wisaya. Boten rumiyin, boten sapunika, boten
rampung-rampung, tansah sami cocongkrahan, labêt sami rêbat lêrês dhatêng
gagandhulan tuwin tekadipun piyambak-piyambak.
Wisaya punika wontên ingkang gampil kasumuruban, lan wontên ingkang botên
gampil anggenipun nyumêrêbi. Wisaning sawêr botên sanes namung dumunung
wontên ing untu, lan panyêmburipun. Wisaning kalabang lan kalajêngking
wonten ing êntupipun. Ananging ing samangke, lah dumunung wontên ing
pundi, menggah wisaning sadaya s^erat-sêrat piwulang, ingkang sampun
sumebar dados wawaosianing ngakathah? Punika botên sanes kajawi dumunung
wontên ing pangertosan kita pribadi.
Kados pundi ing jagad, kawontênan panggêlaring piwulang ingkang sami
kasêbut ing sêrat-sêrat, punapa inggih wontên pigunanipun ingkang langkung
agêng tumrap ing gêsang kita, murih tata têntrêm lan karaharjan? Lha punika
nyumanggakakên, amargi piwulang kasêbut ing dalêm sêrat-sêrat wau, sagêd
nuwuhakên pangertosan warni kalih, sapisan: pengêrtosan ingkang ngênggeni
wontên ing sasananing kalêrêsan. Dene ingkang kaping kalih: pangertosan
ingkang ngênggeni wontên ing panasaran.
Manawi kita sagêd mangêrtos nampeni suraosing piwulang wau, punika kados
dene kita manggih usada ingkang sampun sumêrêb abên-abênan lan
tumanjanipun. Manawi makatên sampun tamtu kita sagêd manggih kawilujêngan
lan kemulyan. Kosokwangsulipun pangertosan kita ingkang saking sêrêp
panampinipun, punika kados dene kita manggih usada ingkang abên-abênan
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
tuwin tumanjanipun dereng kita sumêrêbi. Ingkang makatên punika sagêd ugi
andadosakên ing wisaya. Langkung-langkung yen pangêrtosan ingkang sêling
sêrêp panampinipun wau, lajêng katularakên ing ngasanes, sarana lesan utawi
sarana sêrat-sêrat, sampun tamtu badhe langkung agêng ing wisayanipun.
Kasêbut ing sêrat Paniti Sastra bab 10 ungêlipun makatên: ingkang dados
wisaning tiyang nêdha punika bilih kirang telatos pamamahing têtêdhan, yen
botên lêmbut ingkang dipun têdha yêkti dados sêsakit. Mênggah pikajênganipun
makatên: têmbung: tiyang nêdha, mangêrtosipun nêdha kawruh. Pamamahing
têtêdhan: pikajênganipun: panyuraosing kawruh. Mênggah gamblangipun
makatên: tiyang ngudi kawruh punika kêdah telatos panyuraosipun, murih
mangêrtos ing lair batos. Sêbab yen botên makatên, kawruh ingkang sajatosipun
langkung miraos tumrap raosing manah, botên siwah kadidena raosing madu
pinasthika, têmah lajêng malik garêmbyang dados raos pait asêngak kadidene
tuwak sajêng ingkang angêndêmi, ing wusana lajêng andadosaên wisaning jiwa
raga.
Kuwontênan ingkang makatên wau, sanyatanipun botên nama aneh, yen kita
kajlungupa ing jurang panasaran. Sabab miturut panggêlaring sadaya sêrat-sêrat
piwulang, punika prasasat mbotên wontên têmbung ingkang ukaranipun kadamêl
prasojo, nanging wontên têmbung paribasan, pasemon, pralambang, tuwin
pralampita. Dados prasasat kita sami kinen ambatang adêging cacangkriman.
Dene mênggah pikajênganipun: Sapisan perlu kangge ngadegakên tuwin
ngluhurakên. Kaping kalihipun pêrlu kangge dhadhasaring pamarsudi tumrap
para siswa, supados tansah sami anandangakên kalimpadan alusing pambudi.
Mila siswa ingkang kirang lantip, inggih botên sagêd nampeni piwulang wau..
Wontênipun sêrat ingkang kadhapur paribasan, pralampita, pasemon, tuwin
pralambang upaminipun sêrat Maha Bharata. Sêrat Maha Bharata punika sêrat
ingkang isi sawarnaning sadaya kawruh, kadosta kawruh kasukman, kawruh
kadewan, kawruh kamanungsan, lan sanes-sanesipun. Sêrat Maha Bharata punika
kaprinci dados pintên-pintên parwa, utawi perangan, utawi bageyan. Parwa isi
pintên-pintên sloka.
Sarehning makaten kawontênanipun, dados manawi kita badhe nyuraos piwulang
ingkang kasêbut ing Maha Bharata wau, kita kêdah ngengêti parwa lan
slokanipun, yen botên makatên têmtu badhe klintu panyuraosipun. Jalaran
têmbung satunggal kemawon umpami Krêsna, punika anggadhahi têgês pintênpintên
kemawon kadosta cêmêng, toya, pikir, rahsa, gêsang, lan sasaminipun
miturut parwa lan slokanipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
Piwulang kasêbut ing ngandhap punika nyimpên wêwados ingkang kadhapur
kalimpadaning basa ingkang pikajênganipun asung piwulang dhatêng kita, yen
sadaya pandamêl punika sayogi katindakna kanthi papadhanging angên-angên.
Mênggah piwulang wau, kula udhari makatên:
1. Aja ngandêl pituturing wong, mênggah pikajênganipun: kita sampun ngandêl
dhatêng pituturing tiyang ingkang botên kasêksen tuwin ingkang botên
miturut dhatêng gumêlaring akal ingkang sampun sah dening para sarjana,
sarta ingkang botên sagêd kasêksen dening papadhanging nalar.
2. Aja ngandêl marang wirayat kuna, amarga saka lawase, pikajênganipun
têmbung: lawase = luwas = lawas = suwe = têbih = mêmêt = lêbêt, suraosipun
punika sagêdipun kita ngandêl, inggih manawi kita sampun sagêd njajagi
maksuding wirayat wau.
.
3. Aja ngandêl pawarta, sabab akeh wong ngandhakake, pikajênganipun sampun
ngandêl pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra, sanadyan
maneka warni kasagahanipun prayogi botên kapaelu.
4. Aja ngandêl thok waton saka layang karangane wong wicaksana ing jaman
kuna. Pikajênganipun sampun ngantos ngandêl kemawon dhatêng sadaya
sêrat-sêrat: kina. Awit sêrat-sêrat wau upami mungêla abrit sagêd ugi
maksudipun cêmêng. Inggih sêrat ingkang makatên punika ingkang kêdah
kita jingglêng maksud suraosipun. Sêbab kados atur kula ing ngajêng, yen
sadaya sêrat piwulang, punika sami dhinapur pralampita, dene badharing
pralampita wau muhung saking pangêrtosan kita pribadi.
5. Aja ngandêl marang gurumu lan para pandhita, amarga saka kuwasane:
pikajênganipun: mrayitnani dhatêng pratingkahing para ingkang ngakên
dados guru ingkang mawi papacak: kudu manut miturut, lan kudu asih trêsna
marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab dhudhuwuranmu, iku
dadi wakile kang maha kuwasa. Lah inggih makatên wau manawi botên kita
prayitnani, têmah sagêd ugi dhumawah ing kasangsaran. Dene sanyatanipun
ingkang wajib asih trêsna punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung tumrap
ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata asih trêsna trus ing lahir batos
sampun tamtu kawula murid sami amangsul sih katrêsnan ingkang botên
mawi pinarintah.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
Yen kita sagêd ngugêmi piwulang nêm prakawis inggih ing ngriku punika
ênggening kasunyatan, mangêrtosipun: Têtêping ulah kawruh punika, yen sagêd
kanyatahan wontên pikantukipun ingkang langkung agêng ing bab: Karaharjan,
Kamulyan, tuwin Katêntrêman.
…Manawi badhe maos buku punika kêdah sampun suci lahir batin,
mangêrtosipun salêbêting nampi wêjangan ing dalêm buku punika kêdah kanthi
panggalih ingkang têntrêm, suci, têliti, wêning. Botên kenging grusa-grusu,
srakah, rêgêd ing pikir. Sadaya punika namung murih kasêmbadaning sêdya

ingkang utami, awit botên klentu anggenipun nampi suraosing buku punika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar