Oleh : Bp.
R.S KOESOEMOWARDOJO
BAB :
SASTRATJETA (2)
Sejatine
aksara Jawa iku saka penemune Pujangga Jawa ing jaman kuna. Aksara jawa iku ora
mung perlu kanggo nulis utawa nyateti kedadian-kedadian kang wigati bae,
nanging uga yimpen kawruh rupa-rupa. Mengkono ugo bab anane gamelan sarta
wajang purwa, iku kang ngarang
suwargi
Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut kawruh batin
lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Gamelan kang
diweruhi dening wong akeh (masyarakat) iku isine mung bab kesenian, gending lan
lagu utawa irama. Nanging kajaba iku salugune uga isi kawruh bab kawuksman,
ilmu jiwaning manungsa.
Wayang Purwa,
kang lumrah mung isi lelakoning manungsa ing jaman kuna, nanging saklugune uga
isi kawruh bab duduk selehe utawa dununge jiwaning manungsa.
Kacarita ing
Negara Ngalengka, kang dadi aran Prabu Dosomuka, duwe sadulur nunggal rama itu
telu, sing loro lanang, sijine wadon aran :
1.
Kumbakarna.
2. Wibisana.
3. Ayu Sarpakanaka.
Iki salugune
dadi simbul utara plambange wadining kawruh kebatinan, kang ngenani wataking
manungsa, terange mangkene :
1.
Dosomuka iku dadi sanepane napsu amarah.
2.
Kumbakarna iku dadi sanepane napsu aluamah.
3.
Wibisana iku dadi sanepane napsu
mutmainah.
4.
Sarpakanaka iku dadi sanepane napsu
supiyah.
Mangkono
plambang kang sumingit ana ing wayang Purwa, ngemut pituduh bab kawruh lahir
lan batin. Mangkono uga wadine kang sumimpen ana ing dalam aksara Jawa
(Carakan) malah luwih wigati maneh.
Aksara Jawa
iku jumlahe mung ana 20 iji, yaiku :
1. Ha 11.
Pa
2. Na 12.
Da
3. Ca 13.
Dja
4. Ra 14.
Ja
5. Ka 15.
Nya
6. Da 16.
Ma
7. Ta 17.
Ga
8. Sa 18.
Ba
9. Wa 19.
Ta
10. La 20.
Nga
Carakan iki
ora mung kanggo nulis laying bae,
nanging duwe wadi kang kang tumuju marang kawruh kebatinan, terange mangkane :
Aksara kang
sepisan aran Ha, dene pungkasane aran Nga, dadi kang 18 iji liyane iku minengku
dening aksara Ha lan Nga, tegese Ha lan Nga iku “Hangen-hangen” utawa “Hangin”.
Uripe manungsa era bisa pisah kalawan Hangen-hangen lan Hangin, yen sak karone
iku ora ana,
manungsa mau
aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen wewedining uripe manungsa.
Kajaba aksara
20 warna mau, ana tambahane aksara silihan limang rupa, yakui A.I.U.O.E. limang
aksara iki aran aksara “suwara”, terange mangkane, ora dumunung ana ing jaba
lan ing njerone badaning manungsa wondening aksara 20 iji mau, dibagi dadi rong
golongan :
GOLONGAN KANG
SAPISAN
20 iji
dipecah dadi telung bagian, yaiku :
1. Ha lan Nga
2. Na, Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
Tegese :
Ha lan Nga,
iku angen-angen utawa angin, Na, Tja, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La, iku babahan
hawa sasange lahir.
Pa, Da, Dja,
Ja, Nja, Ma, Ga, Ba, Tha, iku babahan hawa sasanga batin.
GOLONGAN KANG
KAPINDO
20 iji mau
dipecah dadi patang bagian:
1. Ha, Na, Ca, Ra, Ka
2. Dha, Ta, Sa, Wa, La
3. Pa, Da, Dja, Ja, Nya
4. Ma, Ga, Ba, Tha, Nga
Tegese :
Ha, Na, Ca,
Ra, Ka = ana utusan.
Dha, Ta, Sa,
Wa, La = pada salawa = tukaran.
Pa, Da, Dja,
Ya, Nya = pada sektine.
Ma, Ga, Ba,
Tha, Nga = pada mati kabeh.
Keterangan
kang luwih ceta maneh mangkene :
* Ha na ca ra ka, karepe wis ana utusaning Allah,
yen ing saat iku wis mlebu ing petung
kurang 20 dino bakal tilar donya.
* Dha ta sa
wa la , ing wektu iki kahanane lahir
lan batin wis ora cocok, mratandani yen patine wis kurang 15 dino maneh.
* Pa da ja ya nya, ing wektu iku kahanane lahir lan batin dadi gumolong tetap
teguh, ora ana rasa owah gingsir, ilang
was sumelang, iki tegese nompa sasmita yen
patine wis kurang 7 dina maneh.
* Ma ga ba
tha nga, ing wektu iku rasaning lahir
lan batin wis ora duwe karep apa apa, iku mratandani wis tumeka ing janjine urip ninggal donya.
Wondene
aksara suwara A I U O E, iku melindungi jasate manungsa ana ing alam donya lan
akerat. Supaya tambah gamlang maneh, diterangke sarana nganggo gambar kaya kang
kasebut ing gambar iki :
Keterangan :
No. 1 tumeka
No. 8 iku tegese badaning manungsa,
No. 1
tumeka III iku tegese alaming manungsa,
alam wadag, jaga melek.
Wondene
bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti Allah.
SASMITANING
PATI
Mungguh kang
dadi tonda tandaning sasmitaning pati iku mangkene :
Ing sakawit
yen sira tangi turu, duwe pangrasa rasaning pikir lan atimu, ora tetep seneng,
duwe pangrasa kang during tau ngalami serta rasaning lakuning napas ora kaya
adat saben, tegese wis kurang lancar. Yaiku tanda yen wis ana utusan saka
Pangeran bakal mati kurang 20 dina. Iku nyatane sastratjeta tjarakan mau.
Ing kono sira
wayahe masrahake jiwa lan raga marang Gusti Allah, mantrane mangkene : Ingsun
masrahake kang dadi panguwasaning Pangeran wolung prakara, yaiku Roh, Napas,
Budi, Iman, Pangrasa, Pamiarsa, Paningal lan Panggonda. Muga pada muliha marang
asalika saka kodrat
Ingsun.
Yen wis
masrahake mangkono wajib sira ngurangi kareping wolung prakara iku, kaya kang
kasebu ing ngisor iki :
1. Roh, napase roh kudu disirnakake, umpama maune
sadurunge tompa sasmita karem banget ngumpuli marang wanita, sakiki banjur ora
ngumpuli wanita maneh.
2.
Napas, napsuning napas kudu disirnakake,
tegese umpama kepetuk mungsuh ora kena
sengit, ora kena napsu marang sapa bae, atine kudu digawe sabar, pulatan kudu
sumeh, yen rumongsa duwe dosa marang sapa bar, inggal jaluk panggapura, rasane
sing nganti kandas ing lahir batin.
3. Budi, ilangana krentenging budi kang ora iklas-lila
sanajan duwe bonda mayuta juta regane, anak bojo kang kinasih kabeh iku lilakna
= iklasna, paribasane samendang pinara
sewu wis ora bakal dieman neh.
4. Iman, sampurnakna imanmu, tegese kabeh tindak
lakumu kang sarwa pasrah lan sabar mung
gumolong meleng sawiji tumuju marang sediyamu kang sejati, bali marang asal
mula mulanira.
5.
Pangrasa, golongan tekatmu, aja duwe
pangrasa kang ora becik, sanajan sira
krungu wong omong kang ora tata, umpamane sira dipisuhi, iku tampanen
kanti pangrasa kang becik, aja nganti obah atimu, duwe pangira marang liya kang ora becik, iku uga
ora kena. Cekake kabeh kedaden ing alam
donya iki becik kabeh, dadi pangrasamu mung nrima ( nompo kabeh kahanan kang ala lan becik digawe
pada ).
6.
Pamiarsa, napsuning pangrungu kudu
disirnakake, tegese aja ngrasakake suwara
kang sarwa nikmat lan nyenengake utawa gawe bungahing atimu. Dadi karepe aja nganti trima marang sakwernaning
suwara kang ana ing alam donya.
7.
Paningal, sirnakna napsuning paningal,
tegese aja nganti duwe (weruh) marang
rerupan apa bae kang asal saka alam donya.
8.
Panggonda , pangambu sirnakna, tegese
aja nganti kena panggandaning pangambu,
gonad sedep arum wangi aha nganti manjing ing sanubarimu,kang kudu diesti mung gandane diri pribadi.
Kang kapindo
: yen wis ngrasa bisa nguwasani lahir lan batin, tegese wis bisa kasembadan apa
kang dadi sediyane, hananging ing kono isih apa rasa bungah lan susah. Manawa
bungah rasane luwih bungah banget, yen susah uga mangkono rasane nganti kandas
ing batin. Paribasane nganti ora kena diukur susahe.uga banjur krungu suwara
kang selawase durung tau krungu, lan ora katon sapa kang nyuwara mau lan uga
mambu gonda kang durung nate gonda, kaya mambu gandane bayi kang nembe lahir
saka biyunge. Yen weruh rerupan ya rupa kang sarwa elok ya iku tanda yen utusan
mau lagi poncakara (perang) iku tegese wis kurang 15 dina maneh bakal tilar
donya. Ya iki buktine : Dha, ta, sa, wa, la.
Yen wis ana
tanda mangkono, ya iku wis tutuk wayahe masrahake gawa kang asal saka Bapa lang
Biyung, mantrane mangkene :
Ingsun
masrahake kang dadi panguwasane Bapa lan Biyung wolung bab, yaiku : kang asal
saka Bapa, getih, daging, kulit, uteg, dene kang saka Biyung : balung, sungsum,
urat, jeroan, pada muliha marang asal ira saka kodrat Ingsun.
Yen wis
masrahake mangkone iki, sira tumuli semadi kaya wulangan bab semadi kang
sapisan ing ngarep. Manawa tata carane semadi mau wis dilakoni kabeh, sira
mujia mangkene : “Ashadu tibaning rasa Allah, patemone Rasullulla, sampurnane
iya Rasullullah”.
Puji iki di
ucapke yen wayah arep turu lang tangi turu. Nanging yen arep turu kudu moca
uncine mangkene : “Niat Ingsun turu, badan gumuling atiku eling, roh madep
imanku tetep”. Dene yen tangi turu wacane mangkene : “Sirrullah kang mati,
dattullah kang urip.”
KANG KATELU
Manawa
pikiran wis krasa ora ajeg, tegese nggrambyang utawa cat eling cat lali, lan
ambuning napas uga wis beda karo adat sabene, iku tetepi sasmita mratandani
kurang 7 dina maneh tumeka ing pati, yaiku nyatane Pa, da, dja, ya, nya.
Ing kono
wektune neguhake utawa golongake pikiran, was sumelang kudu disirnakake, aja
kuwatir apa apa, mung kang esti rasa lila legawa. Lila marang kabeh donya
branane, wis wancine didumake marang ahliwarise, yen duwe kawruh (ilmu) apa bae
uga wajib lang inggal di tampakake (diwejangake) marang sapa bae kang pantes
lan bisa nompa.
Legwa
masrahake jiwa ragane marang Gusti Allah, rasaning ati nganti lega (iklas) wus
ora ana barang sawiji kang den akoni. Ing kono kari rasa sucining batin kang
ana. Yen duwe welas (welingan marang anak putu apa sadulur lan liyane, inggal
tuturana (kahirna) perlune supaya yen wis tumeka wancine muling ing alam baka,
wis ora ragu ragu apa mandek tumulih dadi bisa gawe padang dalane dewe.
KANG KAPING
PAPAT
Manawa sira
wis krasa arep turu bae, (tansah ngantuk) iku pratanda yen kekuwataning
paningal wis kumpul ana ing uteg, iku tegese wis mlebu wayah tinggal donya
yaiku Ma ga ba tha nga.
Ing kono sira
kudu ngatur lan jaga, aja nganti ana rasa owah gingsir, sanajan mung samendang
pinara sewu. Kang ana mung awas lan eling marang isi sarine kawruh kang wis
sira rungkebi, kumpul gumolong dadi siji ana ing agen agenmu tumuju marang kang
sira sediya.
Yaiku retine
Ha lan Nga kang hamengku lan murbawasesa kabeh kang dumadi.
oooooo0000000ooooooo
AUM AWIGNAM
NASTU NAMAS SIDDAN
Tegese
RAHAYUWA
SAGUNG KANG DUMADI
Ing kono yen
sira mambu gonda amis, kaya ambune getih nalika lahire jabang bayi, iki
mertandani yen isih eling marang bab kadonyan kayata : eling marang donya
branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng dalan kang tumuju marang
kasampurnan sejati.
Yen mambu
batin iki tegese isih eling marang anak putune utawa para sadulure lan mitrane,
iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati yaiku godane ari ari
(bing-bing).
Yen mambu
wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe goda wangur iki tegese isih
emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu raguning pangerti kang tumuju
marang sampurnaning pati.
Yen gonda
wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena pengaruhe gonda wangi iki martandani
isih eling marang Allah, iki gawe salah panganggep ing tujuane kasampurnan.
Yen mambu
sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku tanda yen isih eling lan ngakoni
dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane dumadi, mulih marang mula
mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese : A = Aku, I = Iki, U = Urip, O = Oleh (nompa), E =
Eklas, rahmat.
Dadi aksara
suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing alam donya nganti
tumeka ing watesing alam akerat.
Ana ing wektu
iki kang den arani sa’at “sakratil mauti”, wancine ngaleh enggon, waktu pisahe
jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu nata badan patitis, kaya kang jinarwa ing wulangan Semadi, kayata :
sumelehing badan, lakune napas, pamelanging cipta lan sapiturute bener inggal
lakuning rasa lan pangrasa ora gumyur, ing kono wayahe wahyunira wis katon
ngegla tanpa warana banjur ngucapa mantram mangkene :
Ashadu
kahanan Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya Ingsun kang
nuhokake marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena ing pati, dhatles
tan ana krasa.
Ooooooooooo000000000000oooooooooo
Ing ngisor
iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit saka
pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh, karepe sampurnaning urip, manungsa
sakwise tilar donya , nyatane wis ilang sipate, nanging isih ninggal asma.
Roh iku
dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing njero sirah, iku dadi sandangan
wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine badan wiwit saka sirah.
Sandangan
“Suku” (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling iku
tegese “kuping” pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling
tarung, Irung dumunge pangambu.
Pepet, tegese
ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing jantung, yaiku kang nglakokake
getih, dadi jantung iku kaya dene lawang dalaning getih mlebu metune mratani
ing badan sakojur.
Jantung iki
piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana kang kawasa hanjalari
marang urip.
Cedak
dumunung ona ing sanubari;
Lajar
dumunung ana ing Iman = relung hati.
Wigjan
dumunung ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung
sandangan iki kang aran “Panjigek suwara” sebab dadi wakile engetan lan
kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane cokra, ana ing mripat, ing
teleng aran manik. Keret iku irenge mripat, teleng = kang kapanggonan manik.
Pingkal,
putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran “Wijanyana” sebab dadi wakile aksara kang
bisa muni bebarengan.
Kajaba kuwi
ana maneh tembung kang aran :
Na, Sa, Dha,
Tha iki aran “Murdanio” banjur ana maneh
, Nya, Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku alaming
manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene tembung
“Tataprunggu” yaiku aksara kang
didadekake ongka (nomer) kaya
kang kasebut ing ngisor iki :
Ga :ongka siji dadi perlambange kawitan
sampurnane manungsa.
Ngalelet ngka
loro, dadi perlambange lakuning manungsa mesti pinaringan timbangan dening
Pangeran, kayata anane wong lanang lan wadon, Awan lan bengi, lara lan waras,
beja lan cilaka, urip lan mati, Kawula lan Gusti.
Ngapingkal
ngka telu , tegese netepake keyakinaning manungsa pinasti kudu nompa lang
nglakoni lelakon pangawane dewe salawase ana ing alam donya, supaya aka nganti
ngeluh ngresah, sebab pepastining urip wajibe kudu ngambah ing alam telung rupa
yaiku :
1. Alam jaga (melek),
2. Turu,
3. Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa
diuncati maneh.
Mamiring ngka
papat iku tegese nyatane Allah dadi sesembahane kabeh mahluk, ora wujud ora
arah ora panggonan lan ora katon, uga ora kena kinaya ngapa. Lan uga dadi
plambange asal kedadiane badan wadaging manungsa saka anasir patang rupa, yaiku
:
Bumi, 2.
Geni, 3. Angin, 4. Banyu. Mangkono uga
anane klebating manungsa iku ana papat.
1.
Wetan, yaiku lambange nalika Bapa lan
Biyung pada sapatemon,
2.
Kidul, yaiku plambange nalika Bapa lan
Biyung kumpul,
3.
Kulon, iku plambange nalika Bapa lan
Biyung nganakake Dhat nanging mung darma dadi lantaran bae,
4. Lor, iku plambange nalika lahire jabang bayi.
Makurung ngka
lima, iki maksude panguwasane Gusti Allah, nalika wiji isih ana ing guwa
garbaning Bapa lan Biyung, Bapa iku mung saderma dadi lantaran dumadining
jabang bayi. Makurung tegese dadi kalima pancer, lan jumenenge ana ing
satengahe keblad.
E : dadi
angka nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku :
1. Rila,
2. lali,
3. lulus,
4. eling,
5. langgeng,
6.
sumarah (pasrah).
KETERANGAN :
1. RILA, tegese kelangan apa bae wis ora getun,
2. LALI tegese lali marang dhat sipate, maksude lali
ing badan lan jiwane ditinggal ana ing alam donya.
3. LULUS , nglulusake selawase urip kanti nikmat lan
manfaat,
4.
ELING, eling marang angale lan eling
marang mula mulanira,
5.
LANGGENG, ora bakal owah ngingsir maneh,
terus langgeng asmane,
6.
SUMARAH yaiku masrahake jiwa ragane
katur marang Pangeran.
La :dadi
ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah (jam) kang ora tau blinjani,
kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula para Pandita iku pada nganggo
watak pitu.
Pa palya
:dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning semadi kang tumuju marang Suksma
Kawekas, ana wolung bab, aran “Hasta Brata” keterangane kaya kang kacetak ana
ing wulangan ngarep.
Ja :ongka sanga, tegese anane babahan hawa
sasanga.
Das = nul
:tegese dadi tanda marang ajining angka, jen das mau dumunung ana ing sangarepe
ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi suda, aran winengku, dikuwasani.
Nanging yen das ana ing burining ongka iku tegese regane angka mau banjur dadi
mundak duwur, aran hamengku nguwasani (tulada Rp. 00.1 lan Rp. 1,00).
Kajaba iku
ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku tegese ora duwe pangadji (ora duwe
rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage manungsa iku yen wis di unjadi ing
suksma, wis ora ana gunane jalaran wis suwung lan wis ninggal sipate, kang kari
mung asmane.
Ana maneh
candake sasmita sandi kang wujud tembung
( ukara) siji nanging
mengku karep rong
rupa, yaiku :
Ka ta pa ga
ba iki aran Alpa Prana.
Ka ta pa ga
ba iki aran Maha Prana.
Tegese “Alpa
Prana” iku kawula) dadi anane kawula.
Tegese ”Maha Prana” iku Gusti ) lan Gusti.
Keterangane
mangkene :
Kawula (titah
= mahluk) iku kadunungan apes lan lali, sebab titah iku bisane dadi luhur kudu
nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa pintere manungsa ora bakal bisa madani
kalawan panguwasane Pangeran. Sebab manungsa tansah binuntel ing kamarkaning
alam donya. Mula biasane kelakon sediyane iku mung gumantung marang lila
legawane anggone masrahake jiwa ragane marang Pangeran.
Wondene Gusti
Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan tan kena kinaya ngapa, sebab
Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing sakabehe kang para dumadi, kang bisa
diweruhi dening manungsa kodrate panguwasane.
Tingkah
patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep, dadi yen manungsa wis bisa netepi
ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang alon-alon lan dedasar ati sabar.
Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang peteng dedet lelimangan wis ora
kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku ana kang nyebut aran “Tapel Adam”. Yen
wis mangkono inggal ngucapa mangkene ”
Pangrasa
Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya, iya pangrasane Suksma. Suksma
ilang tan kena ing pati.
Yen wis
mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang nerawang handelahi tanpa
wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana ngisor lan duwur, kang
katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem. Kedadian iki saya
panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe panguwasane kang mangkono
mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya babadan wadag, dayane tanpa
nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki dikuwasani dening uteg (kawruh)
lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang Maha Luhur.
Yen kena
panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe karep apa apa, iya iku kang sinebut aran Mangeran Suwug, tegese ora
ana barang kang sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal dadi Ratuning
jin lan peri.
Yen cahya
padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya kang blerengi kaya sunare
srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono awit dek isih ana ing
alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya ing badan sakojur. Ing
kono aran Yang Maha Mulya.
Yen kena
pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut Mangeran wujud, sebab ing kono
duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese duwe sediya nitis, manjelma maneh,
yen kliru sediyane banjur dadi retuning danyang dan prayangan.
Yen cahya
kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika isih ana ing alam donya, Budi iku
gawe sucining badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Suci. Yen kena pengaruhe
kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang aran Mangeran konta (gambaran kang
ora ana wujude). Mula banjur gawe ragu raguning (gojak gajek) lan yen kandeg
ana ing kono, bakal dadi retuning setan.
Yen cahya
kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng, yaiku kedadian saka Iman, sebab
nalika isih ana ing alam donya Iman iku nguwasani badan sakojur, ing kono aran
Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe kuwasaning Suksma, banjur duwe karep
nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang aran Mangeran ana (wujud), tegese
deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing kono bakal dadi retuning Bekasakan
nunggal bangsa lan setan, nanging luwih kasar.
Yen cahya
ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih iku kadadian saya pangrasa,
sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau ngebeki ing badan sakojur
mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe Aguning Suksma, bakal nitis dadi
bangsane manuk.
Yen cahya
putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang iki kedadian saka pangrungu
(pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana ing alam donya masesa ing
badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena pengaruhe wasesane suksma,
bakal nitis dadi kewan galak.
Yen cahya
abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening (bening) iki kedadian saka
paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya paningal iku gawe purbaning
badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena daya pengaruhe purbaning
suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana ing banyu.
Yen cahya
wening musna, banjur pirsa cahya kang monca warna, yaiku ireng, abang, putih,
kuning lsp, iki kedadian saka pangambu, nalika isih ana ing alam donya hanyamati
ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Manon, tegese meruhi samubarang kalir
kang bakal tumeka sinebut Soca Batara, wondene asale cahya monca warna mau
kedadian saka anasir patang prakara, yaiku Bumi, Geni, Angin, lan Banyu.
Keterangane
Mangkene :
1. Cahya Abang : Asal seko geni, dumunung ana ing
jantung, dadi napsu amarah, mula kena pengaruhe cahya abang bakal nitis dadi
manungsa kang sugih nepsu (murka).
2. Cahya Ireng :
Asal saka bumi, manggon ana ing waduk (weteng) dadi pangrasa, watake
ngongsa utawa kesusu mula yen lena pengaruhe cahya ireng, nitis dadi manungsa
kang sugih pangerten lahir.
3. Cahya Putih : Kedadian saka angin, manggon ana ing
sanubari dadi sabar, yen kena pengaruhe iki bakal nitis dadi manungsa kang
sugih kawruh kebatinan.
4. Cahya Kuning : Asal saka banyu, dumunung ana ing
uteg, dadi kawruh lahir lan batin,
dayane bisa weruh (nimbang) kedadian ala lan becik, bener lan luput, iki bakal nitis dadi manungsa
wicaksana, ahli budi, yen tembung
Indonesia aran Budiman lan Gunawan.
Kabeh mau
salugune mung gumantung marang karsane Gusti Allah, mula sing perlu tumrap para
manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha gesang.
ooooooooo000ooooooooo
GAMBLANGE :
Bumi, Geni,
Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok anasiring urip, yen kurang
pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang sampurnaning kawruhe ing
bab kebatinan. Wondene katerangane
mangkene :
Yen sira wis
ngerti marang asal usule uga kudu ngerti marang tegese (karepe) awit yen ora
mangkono bisa gawe kliruning panganggep (panggangone) sebab yen ora mangkono
bisa gawe kurang percayane (ngandele).
Yen wis
ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen
ora ngerti kanggone bisa ndadekake binggunge ing pangertene. Yen wis
ngerti kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen ora ngerti kedadiane
bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen wis
ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab yen ora weruh buktine ora ana
gunane tumrap ing pangertene.
Sebab
sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae ora kanti dilakoni babar pisan
tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong nanging ora ngerti tegese.
Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora dilakoni dinyatakake malah nambahi
dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung tau
weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin lahir
goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya sira
ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.
GAMBLANGE
MANEH MANGKENE :
Bab badan iku
sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning pati iku ana patang
bab yaiku :
1.
Rasaning jantung, lakuning napas,
2.
Rasaning weteng (waduk) lakuning
pangrasa,
3.
Rasaning sanubari lakuning budi,
4.
Rasaning uteg lakuning Roh.
Mula patang
bab iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA
RAGA
Iku uga
kedadian saka patang bab, yaiku :
1. Roh, kang nglakokake engetan,
2.
Pangambu, kang nompa kabeh sawernane
panggoda,
3.
Napas, kang nglakokake getih lan rahsa,
4.
Pangrasa, kang nglakokake sari sarining daging,
kulit lsp, kang dadi dasaring urip.
BAB NYAWA
Kang aran
nyawa iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena gingsir
yaiku :
1. Iman , manggon ana ing pulung ati,
2.
Pamiarsa (pangrungu) dumunung ana ing
kuping,
3.
Paningal, dumunung ana ing mripat.
Mula telung
bab iki diarani nyawa, sebab asale saka banyu, mongka banyu iku bisa owah
gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi kuwajibane uga ora tetep.
SUKSMA
Kang aran
Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah gingsir yaiku :
1. Roh , dumunung ana ing uteg,
2.
Napas, dumunung ana ing jantung,
3. Budi, dumunung ana ing sanubari,
4.
Pangrasa, dumunung ana ing waduk
(weteng),
5.
Pangambu, dumunung ana ing irung.
Limang bab
iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin. Nyatane angin iku kahanane kang
tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine kabeh wiwit sakdurunge dumadi
wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga ora bisa owah lan ora bisa
gingsir sebab asal saka angin.
Anane
manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma jalaran deweke kanggonan
pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa,
Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene liyane
iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit, daging, balung lsp, yaiku kang
asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar (wadag) sebab katon wujude.
Yen kang asal
saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan ora katon ing mripat wadag nanging
ana buktine, dumunung ana ing badan (raga) nyawa lan suksma.
Dene salugune
badan, nyawa lan suksma mau ora bisa lumaku, yen ora sarana obahing keteg, dene
obahing keteg iku jalaran kena daya lakuning bumi, geni, banyu lan angin.
Patang bab iki anggone bisa tumindak, sebab saka kenadayane Swasana, kaya kang
diterangake mau, bab jagad kebekan dening angin, ya swasana kang ngebeki
cakrawala iki, mula diparibasakake alus tan kena jinumput, gede ngebaki jagad.
Dadi ceta lan
terang, dumadining manungsa iku kang pokok saka dayane swasana, dene swasana
iki kang dadi lantaran dumadining manungsa iku dibagi dadi rong bab yaiku:
swasana kang tumuju ing jaba badan, lan swasana tegese hawa kang kumpul, Swa
tegese panggonan. Dadi terange tembung kumpuling hawa.
Dadi swasana
kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese umur, Sana tegese panggonan,
wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku dumunung ana ing Napas. Dadi
uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana kang dununge ana rong panggonan,
yaiku ana ing jaba lan ana ing jero badan. Dadi ora bisa nganggo saperangan bae,
kudu jaba lan jero. Yen mung nganggo sebagian bae mesti ora bisa urip banjur
aran mati.
Oooo0000000ooooo
By alang
alang
KITAB WEJANGAN MAHA PRANA JAT

Tidak ada komentar:
Posting Komentar