Posted by Mas Kumitir on June 16, 2011
Anggitanipun abdi-dalem Pangeran Sastrawijaya.
Sekar tengahan Gambuh Ketawang : 9 pada.
1.Kawruhana jenenge sa/lat kang nyata, kang kariyin ing-aran salat Jumungah,
iya iku bubuhaning sembah raga, salat kajat iku sembahe tyasira.
2.Salat daim sembah ing roh mring Pangeran, lawan salat ismu ngalam
kawruhana, iya iku bubuhaning sembah rasa, sakalire jumeneng aneng
manusa.
3.Tertibipun kabeh iku kawruhana, jasadira roholah den-kawruhana,
sadayane puniku aneng nging sira, lapalipun puniki ing-ucapena.
4.Al ‘insanu siri wahana sirahu (?), nyataning dat puniku nyataning
sipat, nyatane roh asmane ati sejati, nyatanipun apngallolah iku jasat.
5.Apan sira dadya warananing suksma, poma-poma aywa kerup sanak ing
wang, sapa wonge angulati ing pangeran, nora liyan aneng dhirine priyongga.
6.Yen muhunga mring sariranya pan sasar, iya iku sabdaning nabi
kang nyata, lan sing sapa arsa wikan ing sarira, sanyatane dadi wikan ing
pangeran.
7.Iya / iku kang ngarsa wruh dipun-nyata, lan sing sapa kang wikan
maring sarira, dadi wikan wong ngiku maring pangera, kang satengah ana lapal
kang mangkene.
8.Al ‘insanu naskatu aki dalilnya, maknanipun manusa tandhane ekak,
tersandhane puniku patang prakara, ingkang dhihin puniku tandhaning edat.
9.Kaping kalih puniku tandhaning sipat, kang kaping tri ya
apengaling manusa, ping sakawan obah osik saking Ngallah, rasaningsun iya
rasaning manusa.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar