www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
Dhandhanggula
1. Lampus ing manah atemah kingkin, sangsaya raga
among turida,
lepas mangkya, ing lampahé, kalih titiyangipun, sangsaya
raga
among marga sunu kang dènlampahi, anut imbang acala,
iringaning
gunung, kidang umregil ing jurang,asrih tinon
keñaring sodama
ngalih, kadya tuduhèng marga.
2. Kagyat bedagan anèng wanadri, bantèng jajawi
kidang
manjangan, kancil tanggiling réwangé, luwak lawan
tinggalung,
rasèng wiro lawan kasturi, manawak lawan landak,
lingsang lan
weregul, walang kapa lan jalarang, luwak kapur irèng
aning pang
alinggih, ramya amangsa wohan.
3. Kidul kilen pagagan kapering, ramya swaraning
tunggu tanduran,
karengo mandra calunge, ramyar sinranging wijung,
tan pantara
kokole muni, pareng lan taluktaka, swaranna gumuruh,
kapuyan
Nyi Silabrangta, kang kaesti punika rasaning pati,
tansah ngesti
durgama.
4. Raryan ika srih anglawuh rawi, sasoring angsana
abrah mekar,
ruruh sumawur sekaré, lir warsa kancana rum, pindha
pindha
sinom nyang rawit, lir langsé langsé ika, ing
ngapulang lulut,
satpada angisep sekar, pangrengié kadya sambating
dya asih.
5. Kagyat awungu Nyi Silabrangti, amiyarsa paksi
awurahan,
pupungun lengleng driyané, anukmèng daryanipun paksi
iki kadya
ngaruhi, polahèng brangta ing yang, tekèng don
aturu, angur aja
nglalanaa, wetenge lan napsuné dèn kurateni, dadi
ngucap
mangkana.
6. Bi Candhini mangké aningali, babadan añar angunga
jurang,
asangkep tatandurané, kacang lan tebu wulung, tales
cina lan katak
uwi, karangdhang payodara, ing pinggiranipun, tales
bakatal
bilungkang, putih lalaja kakara benguk cicipir, ing
pinggir cabé
sabrang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
7. Nyi Silabrangta atanña aris, Mangunarsa ika
tinakènan, kai
syèkh manira takèn, ingkang iman puniku, kaya apa
dèn ucap
dhingin, gumanti tokid ika, maripat ing pungkur,
kang iselam tan dèn ucap, kidul kilèn marapt dèn
ucap dhingin.
8. Syèkh Mangunarsa maksih alinggih, nora wikan yèn
sanaké
pejah, winartan dèning raréné, mangké lalawad gupuh,
sarawuhé
mangké alinggih, lawan Nyi Silabrangta, ika kang
andulu, semuné
ana duduga, kang sawenéh semuné lila,aradin, wikan
jatining
lampah.
9. Syekh Amongraga kawuwus malih, dawaning kawiswara
sang
mindha, wikan Yèn pejah sanaké, mapan tan tulus
kokum, amengameng
anèng jaladri, pan sinung nugraha, linabuh tumimbul,
wenang angambah bramaga, tan adangu Amongraga ika
prapti,
dhekah ing Wanantaka.
10. Warnanen mangké Nyi Mbok Malarsih,
sapanglilirira mangké
nidra, angungun déning impèné, supenané dèn guguh,
Tambangraras anakku nini, wus lipur ta manira,
déning brangta
wuyung, mangké katon ing supena, Tambangraras awèt andadawa
brangti, la edan darmanira.
11. Dan warnanen dénira kang rasmi, Ki Jayasmara lan
arinira,
ènjang kawarnaa mangké, sampun amit yayébu, adam
mintar Ki
Jayèngrasmi, anganggé wastra ina, anandhang salimut,
tan
ambakta panakawan, alilingsé samya mbakta kalam
mangsi, linggar
angala désa.
12. Kang amaca rangdha nom tur sugi, Nyi Tilarsa pan
jujulukira,
rangdha nom becik budiné, anyar kapatèn kakung,
katilaran anak
kakalih, wadon sami diwasa, warnanipun ayu,
awasta Nyi Kèn Sumarsa, kang taruna wastané Nyi Ken
Warsiki, lir
widadari Kèndran.
13. Sireping wong kabèh pada guling, Jayèngraga ika
pinaranan,
teka alinggih sandhingé, aris dénira muwus,
Jayangraga
wuwunguwa kaih, lah ta usadanana, kaya awakisun,
saksat uriping
pejah, awakisun mangsa gagapa basuki, yèn sira tan
asiha.
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
14. Ana sanaké lanang sawiji, ika karsanipun
pinaranan, dhukun
Rubaka wastané, wingi isun angrungu, arinisun
anenggèh sepi,
anaké kang apajar, yèn lunga andhukun, isuk'e li
apopoyan, Ki
Waudan anenggih lara kapati, manawi sampun teka.
15. Warnanen mangké Ki Jayèngrasmi, salinggarira
sing Sinduraja,
angéca-éca lampahé, sumengkèng gunung-gunung, parang
pringga
jurang kapering, luyut punang wratmaka, déning lumut
lumut, sèla
geng angapit margi, puchak muré lir wentis kesisan
tapi, araras
tiningalan.
16. Syèkh Malangkarsa ana ing masjid, uninga yèn
wong sanaké
teka susunggun bungah manahé, sinungan salam asruh,
Malangkarsa ika nuruni, sigra anjawat asta, aris
dènña ngrangkul,
kangen yayi sun ing sira, anauri Ki Jayasmara
amanis, kakang
manira nedha.
17. Rengen sakala kang anèng margi, santri Monthèl
denira
lumampah, dan Ki Panorta wuwusé, lintang
sadarganipun, miwah
rekèh Nyi Mbok Malarsih, lungané Jayasmara, angrasa
kaduhung,
kadya salah kapatiyan, Ki Panorta rabiné dèn
pituturi, wuwusé lir
sarkara.
18. Tan warnanen tingkahira brangti, mBok Turida lan
Nyi
Rarasdarya, dan Ki Panorta wuwusé, tanpa kilèn
sadalu, dipun
tutuh sariranéki, déning nisthaning raga, tuwa sun
katungkul, ing
renes lan aryatama, angur rarèh samya mangun tapa
bakti, tuwèng
sun agung mèndra.
19. Syèkh Amongraga kawuwus malih, apan kalanira
kadhatengan,
Malangkarsa tatamuné, rawuh sakaomipun, Jayasmara
ingkang dèn
iring, lawan Ki Jayèngraga, punika donipun, èca
dénya tetrebangan,
tigang dina ing dalu tanana guling, sami agineman
rasa.
20. Sampun tutug dènira anganggit, mangka dadya
guyoning kang
bisa, tan wruh Yèn dadi cacadé, ingkang awas
aluhung, sumanta
kapaksa kumawi, tan wruh ing basa tembang, tembungé
kol kaku,
mung aneda pangaksama, kang sami sadya maca ningali
gurit,
ingkwang kang minda muda.
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir
21. Sasangkalaning Kidung Candhini, ingkang tinedak
babading
jaman, gana utbuta saktiné, lagya kinawinipun, sira
wolu tenggeg
tiga ing, tusan lima pawohna, ing sanunggilipun, duk
kinawi
palastanna, naun ejim ing sasih jumadilakir, wimba
ing
kawanwelas.
22. Pinèmutan palasta sinrating, dinten buda tabu
dwi, sang lek
dulkijah wimbané, ing asta watekipun, ing warsi dal
kodal kadeling,
ri sedeng sinangkalan, jaman kalinipun, sunna
rasaning pandita,
buda hijrah nabi yan sapta awari, ning soca yeka
sasra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar