Sadurunge
Kowe Mlayu
Dening:
Jonet Rifa
Kringet iki
durung asad dleweran ing anggaku
Mijet ndadah
nggulawentha amrih basuki
Ora suwe
maneh kowe padha lunga
Luka saka
amben dadahan iki
Kabeh padha
nggusah amrih ora kesuwen ana kene
Lunga kanthi
gegama kang sekti
Murakabi
mring pribadi lan sasami
Lamun kowe
mlayu aja lali papan kene
Mung
pandongaku kabeh tansah rahayu
Sing ana
mung guru sejati
Lurunen kaya
ilining banyu
Ngudi
ridhaning Gusti
Karanganyar,
2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar