www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
Tembung kalbu, ingkang limrah dipun tegesi jantung,
inggih punika
peranganing jerowan ingkang gumantung wonten ing salebeting
dhadha
sisih kiwa. Ing salebeting jantung wau bolong isi
rah cemeng.
Wonten ing riki tembung kalbu [jantung] boten ateges
jantung kadosdene
kasebat ing nginggil [boten sipat pawadhagan], awit
ing riki boten
ngrembag badhan wadhag, nanging ngrembag badhan
alusing manungsa
[sajatining manungsa].
Kalbu punika barang bangsa alus, bangsa urip saha
uriping dzat kang asipat
gesang. Kalbu wau ugi praboting kalbu jasmani
[jantung lair], inggih kalbu
wau ingkang kanamekaken sajatining manungsa. Dene
sipatipun kalbu
makaten anggadhahi kawicaksanan, kawruh lan
kawaskithan. Inggih kalbu
punika sejatosipun ingkang saged nampi pepreden,
dhedhawuhan, ilham,
rasa, ganjaran, rasa pasiksan, rasa krasa,
ngrasakake salajengipun
rumangsa.
Inginggil sampun kapratelakaken menggah sejatining
manungsa ingkang
asma kalbu ingkang umumipun kawastanan jiwa utawi
suksma, lan malih
ugi anggadhahi bala kathah sanget [tanpa wicalan]
saking keparengipun
Gusti kang akarya jagad.
Kawuningana Gusti kang maha suci punika mengkoni
bala pinten pinten,
inggih ingkang kawengku ing kalbu [manungsa sejati].
Pinten pinten bala
sumebar angebaki alam saindenging bawana ing njawi
lan ing lebet. Sadaya
wau runtut sumungkem dhateng Gusti, runtut kaliyan
lampahing kodrat
[pandum] boten wonten ingkang ngretos pinten
cacahing bala wau, kajawi
namung Gusti.
Saperangan bala ingkang kawengku ing anggane
manungsa, katranganipun
kados ing ngandhap punika:
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
Para balaning lahir ingkang kasat mripat netra
kepala.
Para balaning batin ingkang boten kasad mripat,
punika namung katingal
batos rasa pangrasa.
Menggah pamengkunipun sajatining manungsa dhateng
balanipun kalih
warni wau, ugi kenging kasanepakaken kados dene
pamengkunipun kados
bendara kaliyan juru ladosipun.
Para bala ingkang kasad mripat, punika wujudipun
kadosta mripat, irung,
tutuk, kuping, tangan, suku, lan sadya sarandhu
utawi pirantosipun badhan
wadhag ingkang bangsa njawi lan bangsa njerowan,
jantung, limpa, kebuk,
usus, tuwin sanes-sanesipun.
Para bala batin ingkang boten kasad mripat kados
kalbu wau mengkoni bala
ingkang lahir tuwin bala ingkang boten kasad mripat.
Bala batin makaten
grebanipun kangge ngawasi bala lahir. Dene wujudipun
inggih punika
dhaya-dhayaning kekiyatan [getering] pamuring lan
dhaya panariking
syahwat [rasa pepingin].
Sadaya bala wau samobah mosikipun tansah mbangun
turut dhateng kalbu,
dhasar sadaya wau tumindakipun kadunungan watak
mesthi manut ing
kalbu, boten saged umpamiya nyulayani. Utawi pancen
boten gadhah
kekiyatan damel adha-adha piyambak. Upaminipun
mripat kaparentah
kalbu supados melek, sampun mesthi lajeng melek.
Suku kaprentah kalbu
supados mlampah, sampun temtu lajeng tumandang
mlampah, boten saged
upami mopo [boten purun].
Makaten salaminipun, panguwasipun sang kalbu dhateng
sarandhuning
badhan lan pancadriya punika memper kadosdene Gusti
dhumateng para
malaekat. Para malaekat punika tumitahipun ugi
sampun kinodrat mesthi
mbangun turut punapa dhawuhipun Pangeran. Boten nate
purun lan pancen
boten saged upami nyulayani dhawuh. Boten beda
kadosdene mbangun
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
miturutipun wadhag dhateng kalbunipun. Nanging
wonten bedanipun, para
malaikat wau sami kaparingan kawicaksanan.
Kawuningana, kalbu [manungsa sejati] punika pancen
tinitah kedah
mbetahaken badhan wadhag, awit bilih boten mawi
badhan wadhag boten
badhe saged makarti. Mila makaten amargi kalbu wau
kenging
kasanepakaken kados angganing tiyang ingkang kesahan
ing purug langkung
tebih sanget, dene marginipun pinasti kedah
nglangkungi alam wadhag
[donya]. Ingriki kalbu mbetahaken sanget ngangge
prabot [praboting
gesang ing donya], ringkesanipun wonten:
1. Badhan wadhag, kasanepakaken minangka tumpakan.
2. Kaweruh sejati [sejatining kaweruh], minangka
kangge sangunipun.
3. Budi suci, minangka kangge gegebenganipun.
Kalbu punika boten saged angsal pepadhang [hidayat
jati] manawi boten
lampah budi suci, mila kalbu wau boten saged upami
nilara tigang perkawis
wau, inggih punika badhan wadhag, kawruh sejati,
tuwin budi suci, punika
jalaran tumindakipun kedah miturut dhateng sabarang
dhawuhipun
Pangeran [Pangengeran].
Kita manungsa rumaos [ngakeni] linampahaken wiwit
saking alam arwah
[alam roh] ngantos dumugi wangsul ingarsanipun.
Makaten lelampahanipun
manungsa ung saindenging jagad raya.
Lelampahan wau boten kenging boten kedah ngancik
alam wadhag [donya].
Inggih wonten ing alam wadhag ngriku punika
panggenan pados penghasilan
calon kangge sanguning lampah utawi tujuwanipun
anggenipun badhe
dedunung wonten ing alam langgeng kanthi wilujeng
nir ing sambi kala,
tebih godha rencana ing samargi-margi, lajeng saged
kadumugen
sejatinipun, tata tentrem, nikmat manfaat.
Inggih ingriku punika ingkang dipun wastani manggen
ing panggenan
ingkang langgeng [kalanggengan] tur isi raos sarwa
legawa [swarga], mila
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir
leres ungelipun paribasan: donya pasawahaning
akherat, lan iku bakal
ngundhuh wohing pakarti, sing sapa nglakoni tumindak
becik, bakal
ngundhuh wohe becik. Kosokbaline sing sapa tumindak
ala, bakal ngundhuh
wohe ala. Makaten nyumanggakaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar