Facebook
lan Youtube Gawe Sehate Manula
Situs
jejaring sosial saikine lagi digandrungi ing donya. Ora mung kasil ngipnotis
kaum mudha, nanging uga remaja lan bocah-bocah. Kepara ora suwe maneh, pawongan
kang klebu wis yuswa uga bakal katut melu-melu mbukak Facebook utawa Youtube.
Kaya kang ditulis Daily Mail, sawenenehing ilmuwan ngadakake asil
panalitine menawa Facebook lan Youtube bisa mbantu ngaktifake
maneh ‘uteg’ pawongan kang klebu sepuh, lan nyegah ilange memori. Kepara gedhe
cawe-cawene kanggo ngurangi stres lan depresi.
Lumantar panaliten mau, para ilmuwan
ngandhakake menawa pensiunan kang gawe kesibukan klawan situs jejaring sosial,
lan nindakake selancar ing komunitas dunia maya liyane, kedadeyane Skype,
nduweni kondhisi uteg luwih fleksibel katimbang wong-wong ‘golongan sepuh’ kang
ora nindakake. Nggunakake internet kanthi aktif uga dikandhakake bisa nyuda
gejala was-was, stres, lan depresi, sarta mbantu para pensiunan kanggo
ngembangake jaringan pendhukung sosiale.
Macro Trabucchi, ketua Asosiasi
Psychogeriatrics ing Italia, kang nindakake studi mau nagndhakake, jejaring
sosial njaga budaya rasa pengin ngerti jroning uripe para lansia. Kondhisi iki
bakal ningkatake kinerja kognitif saengga uteg dadi luwih seger, sarta
ngrangsang kawigaten, memori, lan persepsi. “Iku ndadekake para sepuh mau
rumangsa luwih nom.”
Panaliten ditindakake kanthi
nyinaoni uripe wong-wong tuwa kang manggon ing panti ing Cremona lan Brescia
ing Italia Lor. Wong-wong mau diwenehi laptop kanthi koneksi internet nirkabel
lan diwenehi tutorial bab carane selancar ing dunia maya. Wong-wong
sepuh kasebut uga dikenalake marang carane ngatur akun dhewe, klebu carane
nggunakake jejaring sosial kayadene Facebook lan Twitter sarta
layanan Skype. Pranyata, respondhen kang sacana aktif nggunakake
teknologi modheren nduweni memori luwih apik banget katimbang kang ora
nggunakake internet.
Mr. Trabucchi kandha, “Facebook mujudake
sawijining cendhela tumuju donya kanggone warga tuwa kita. Bab iki ndadeakake
para sepuh bisa tetep kontak klawan anggota nom saka kulawargane. Iki ndadekake
para respondhen lansia mau luwih sehat lan waspada.”
(Kapethik
saka: Panjebar Semangat No. 23, 4 Juni 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar