Kamis, 14 Januari 2016

CERKAK



Dodolan Jangan

DeningRofiatun Indah Fitriati
Durungngantibaskarajumedhulmadhangijagad. Akuwismangkatsakangomahsaperlugolekapa sing dadipanyambungeuripyakuwiragadutawadhuwit. Esukkuwidodolan taktata ning ngarep ruko cilik, karo ngenteni wong-wong sing padha golek bakal jangan. Bayem, sawi, kangkung, godhong pohong, lombok, brambang, lan liya-liyane wis cumawis ning ndhuwur kothakan. Kabeh takteliti ora ana sing kurang siji-sijia, bakal jangan lan bumbu-bumbu dapur wis komplit.
                Ning pasar Sampangan kene kanca-kancaku wis padha nata apa sing didolake. Dodolanku isih padha numpuk ing ndhuwur kothakan, durung ana siji-sijiasing dituku. Kanca-kancaku padha ribut nawakke barang dagangane, aku uga melu nawakke barang daganganku supaya cepet entek.
                “Mangga janganne Bu!” omonganku karo nawakke dagangan karo ibu-ibu sing gawa tas kranjang.
                “Mangga Bu, Pak. janganne isih padha seger-seger iki” taktawakke maneh supaya ana sing gelem tuku daganganku.
                “Mangga Bu, badhe tumbas napa?” pitakonku marang wong lemu sing gawa daster kembang-kembang.
                “Kula tumbas godhong pohonge Mbak, pinten niki?” pitakone wong lemu mau karo nggujeng barang sing ditakonke.
                “Niku sak untinge rong ewu mangatus Bu. Badhe tumbas pinten?” wangsulanku maneh, mastikake yen ibuke mau meh tuku pira.
                “Wah, boten saget kirang Mbak? Kula mendhet gangsal niki” nyang-nyangane wong lemu mau”
“Saget, nanging kirange niku mung limangatus mawon” wangsulanku, etung-etung kanggo penglaris.
“Nggih Mbak, kula mendhet gangsal” ngendikane wong lemu mau.
“Niki Bu. Wonten maleh?” pitakonku karo nawakke barang dagangan liyane.
“Sampun Mbak, niki mawon” wangsulane wong lemu.
“Matur nuwun Bu.” wangsulanku.
Sawise ibu mau lunga, aku tetep mbengak-mbengok nawakake dodolanku. Ora ana wong maneh sing mara ning daganganku iki. Saya sepi wong sing mara ning pasar sisih dagangan sayur mayur, merga kabeh wis ora ana sing golek sayur mayur maneh. Wong-wong padha marani dodolan pakeyan utawa prabotan-prabotan.
Aku tetep mbengak-mbengok ngepasi ana wong sing nglewati daganganku. Nanging isih wae ora ana sing mampir ing dodolanku. Ya ngene iki resikone wong dodolan, kadhang bisa untung, kadhang bisa rugi.
Keprungu suwara adzan Dhuhur, aku gage mberesi dodolanku.
“Yu, kok wis diberesi?” pitakone wong sing dodolan ning pinggirku.
“Nggih Yu Tum, aku meh solat ndhisik. Meh melu solat po?” wangsulanku karo njupuk rukuh.
“Inggih Yu, mangkeh kula nyusul. Dodolanku durung payu kok.” Wangsulane Tumini.
“Aku ndhisik ya?” omonganku gage budhal menyang langgar sing ana ing pasar.
Sandal tak copot ing ngarep langgar, banjur aku nyelehake rukuh ning sisihku lan wudhu. Rukuh tak jupuk, mlebu menyang langgar kanggo nglakoni kuwajiban sing dilakoni wong muslim.
Solat patang rekaat wis kelakon, banjur donga marang Gusthi sing menehi urip. Rukuh tak lempit gage metu saka langgar, kanggo nerusake dodolan sapa ngerti mengko bisa payu. Tak lanjutake lakuku ning dodolan karo golek es teh.
“Bang, kula damelake es teh. Dibungkus nggih?” omonganku sawise tekan warung sega kucing.
“Nggih Mbak,” wangsulane pedagang mau karo nggawekake pesenanku.
“Niki Buk, es teh e.” Nglanjutke omongane karo nodhongake es teh.
“Inggih Bang. Niki artane.” Wangsulanku karo menehi dhuwit lan njupuk es teh.
Tak lanjutake mlakuku mlebu ning pasar karo nggawa kresek isine es teh. Sawise tekan ruko cilikku, tak siapke maneh dodolan sing mau tak beresi. Ning kene kabeh padha sibuk dol tinuku, nanging aku isih wae nyiapake dodolan sing tak tinggal solat dhuhur. Suwarane ora bisa dianggep sepi, merga kabeh para pedagang mbengak-mbengok nawakake dagangane. Aku banjur melu bengak-bengok nawakake daganganku supaya ana sing mara ning daganganku.
Yen dina iki aku ora oleh kasil, mengko anak-anakku sesuk meh tak sanguni apa. Ora mung kanggo nyangoni anak-anakku, nanging uga ana keperluan liya sing kudu tak tandhangi. Ana wong tuwa sing mara ing daganganku karo milih-milih dagangan sing ameh dituku.
Ana maneh wong sing mara ning daganganku, lan saya suwe daganganku akeh sing marani. Dadi aku sibuk ngedoli wong-wong sing nyedhaki. Kabeh wis padha milih lan mbayar marang aku, nganthi daganganku isih sithik. Lumayan, daganganku bisa payu ning awan iki. Dadi aku ora bingung maneh karo urusan nyangoni utawa ngragati urusan liyane sing ning omah.
Dagangan wis payu akeh, wektu ya wis saya sore. Aku gage ngukuti daganganku banjur mulih. sawise iku aku nyegat angkutan karo mlaku mara ing omah, merga aku wis suwe ngenteni angkutan sing biasane mandhek ing ngarep pasar kuwi ora ana siji-sijio.Lakuku wis saya adoh, isih wae ora ana angkutan sing lewat. Sawise tekan omah, Aku ditakoni tanggaku “tumben mlaku Yu?” mengkana pitakone. “Ket mau ora ana angkutan sing lewat kok Pak.” wangsulanku karo ngos-ngosan kaya wong bubar mlayu.
Duwitolehkudodolmau, separoneareptakwehkeanakkugawesangulanmbayar SPP sekolahe. Clingak-clingukanggonkunyawangdakuberiananjeroomahnangingoraanabocahe. Dumandakanana Pak RT mlebuomahngabariaku yen ArifanakkumlebuRumahSakitmergakadadeankecelakaanditabraktrukgandengnalikamulihsekolah. Maktrataprasaneatikungrungokekabarmau, dumandakanawakkulemes, rasane kaya getihkumandekkakuoraobah. Ningcepet-cepetakudiboncengna Pak RT menyangRumahSakitsaperlunilekianakku.
Tekan RS Pak RT bingungmergaAriforaananingruang UGD, pancenemauyoananingruang UGD. “Ana ngendiparane? Apaya Pak RTmausalahwong? Ah oramungkin.” (Batinku). Pak RT takonmarangpetugasebanjurngajakakuningruangan sing gawemindahkeArif. OrakuwawaakunangiskejeranakkuArifmanggonanaruangmayat, pas dakbukakainkafan sing nutupi awake pancenebenerkuwiArif, bocahewisoragelemobahmaneh, awake kebakgeteh. Sanyayagemborolehkunagisngringik-ngringiknyikepanakku. Akugeladhuwit sing dijalukgawembayar SPP lansanguneolehkudodoljangandurungbisadakwehake. Bola-baliakunyelukjenengeAring.
“Nang tangi, Nang. Ikidhuwitmutampanana. Arif… Arif… Arif…” (Sansaya banter)
“Bu tangibu, sampun Siang ibumbotensadeyanjanganwontenpeken?” (NgendikaneArif, karogugahibune)
(maknjenggiratIbunetangikaronyikepArif) “NuwunGustiArifisehurip. Koweorapapa Rif?”
“Inggihmbotenmenapa-menapa Bu.”
Owalahjebulekabehmaumungkadadeanningngalamimpenku. Mergakawanenanggonkutangi. Klebatanakuningkiwan, adus, tata-tata, banjurmangkatmenyangpasarsaperludodolanjangan kaya sabendinane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar