Dongeng yaiku crita ngayawara kang mokal kelakone. Dongeng
ana pirang-pirang jenis.
A.
Fabel
Fabel yaiku dongeng sing dadi
jejering lakon arupa kewan nanging adat tata carane kaya dene manungsa.
Tuladha: 1. Serat Kancil tanpa Sekar (Ki
Padmosusastra)
2. Dongeng Sato Kewan (Priyana Winduwinata)
3. Dongeng Peksi Glathik ( Ki Yasawidagda)
B.
Legenda/Legende
Legenda yaiku dongeng kang gegayutan
karo dumadine alam kang critane mung digathuk-gathukake.
Tuladha: Dongeng Rawa Pening, Guwa
Parangtritis, Dongeng Kali Srayu.
C.
Mithe/ Mithos
Mithe yaiku dongeng kaprecayan jaman
kuna kang gegayutan karo dewa-dewa.
Tuladha: Dongeng Dumadine Grahana,
Dongeng Nyai Rara Kidul, Dongeng Macan Gadhungan, Dongeng Dumadine Jagad.
D.
Dongeng Lugu
Dongeng lugu yaiku dongeng isi
critane kang aneh, ora tinemu nalar, sing diperloake anehe crita.
Tuladha: Dongeng Jaka Kendhil,
Dongeng Timun Emas, Dongeng Cindhe Laras lan Dongeng Mbok Randha ing Karang
Wulan.
E.
Sage
Sage yaiku dongeng kang awewaton
sejarah, nanging akeh tambahane.
Tuladha: Dongeng Rara Jonggrang lang
Dongeng Candhi Sewu.
“CAKRAWALA” Buku Bahasa Jawa Kelas IX
Tidak ada komentar:
Posting Komentar