Posted by Mas
Kumitir on July 4, 2011
Anggitanipun
abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura.
Sekar
Maskumambang : 52 pada.
1./Timbuling
tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur
kula jajah wana.
2.Apaparab
Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab
kawijilannya.
3.Aneng Ngarga
Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta
mamati raga.
4.Semadinta
Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber
pamususira.
5.Mring
pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang
Mudha Among-brongta.
6.Sun semadi
lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget
gentur tapa.
7.Pan tinata
saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing
jeng Rasullulah.
8. Pan
anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi,
sang ibu raja pandhita.
9.Wus angangkat
mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki,
maring sajatining ana.
10.Anggung pana
ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki,
liwing gaib sampurnanya.
11.Upamane
sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang
mongka kayu Hyang Suksma.
12.Kang mongka
geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan
ana sih ing Hyang.
13.Kadyangganing
sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening
ta ingkang minongka.
14.Wong
ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang
kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.
15.Ing Hyang
Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih,
kang datan wisesa punika.
16.Inggih
sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa
sayekti, pan datan amor ing ganal.
17.Datan amor
ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang
Maha Mulya.
18.Langgeng
kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge
lan tekiyurnya.
19.Pan saking
Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning
ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.
20.Sembah
pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning,
ngawiyat tumameng wadhah.
21.Titiga kang
sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi
kaping trinya.
22.Wawayanganing
wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang
memba ing to/ya buthak.
23.Yekti bawur
kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi,
sayekti suwung tan ana.
24.Wawayanganing
wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma
ingkang tumiba.
25.Toya wening
tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring
Allah kang murbeng jagat.
26.Kang tumiba
ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya
marang.
27.Kapenedan
ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang
ngarepaken hawanya.
28.Amaregi ing
pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang
ing sadinanira.
29.Kang
mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato
kang wenang pinangan.
30.Karantene
dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi,
pangastutinya sang brongta.
31.Kasatriyanira
den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.
32.Apan tuhu
nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku
jatining manusa.
33.Sayogya
tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa
potang ing Hyang Suksma.
34.Ngentha-enthu
jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang
yekti tan tinekan.
35.Paran madya
dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah
pangan turunya.
36.Pamintanya
asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa
bek utama.
37.Dipun-mantep
anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana
gunung raga.
38.Pan sandika
tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi
gunung raga.
39.Gunung ing
tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike
lan panarima.
40.Den-babadi
ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan
lawan donga.
41.Saponana
toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi
ing lampah.
42.Raregede
binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus
wus winiwitan.
43.Sinimpenan
maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi,
kang ngarga katon anglela.
44.Kang
pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri,
witing ngilmu lawan lampah.
45.Panarima
winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing
pati kang rineksa.
46.Witing salat
punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni,
witi[ng] naraka rinusak.
47.Wus mardika
sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe
anungsung toya.
48.Iman Tokit
kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis,
asandhangan wektu lima.
49.Iketipun
wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi,
nyampingipun wektu ngasar.
50.Mung sabuke
punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri
kasutnya.
51.Sebe alus
jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam
nasut linayaran.
52.Dening Raden
Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta
unggyan mulyan.
Kapethik saking
Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar