www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir
Anênggih punika
pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating
kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing
Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan,
tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan
wau thukul
saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning
Pangeran,
rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng N.
Musa,
Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre
manungsa iku
kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.
Pangandikaning
Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang
kawêdharakên
dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah
puruitanipun.
Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan,
sarta
pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun
asung pêpengêt
bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên
kenging
kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun
kawêjangakên,
namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming
Pangeran,
têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi
pangangên-angênipun
(ciptanipun).
Awit saking
punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun sinêmbuha
nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
sagêd anampeni
saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit
suraosipun
pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila
kasêmbadanipun
sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika,
inggih muhung dumunung
ing ndalêm raosing cipta kemawon. Mila inggih
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir
botên kenging
kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang
dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene
sanadyana
kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
wêdaling
pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun
kêdah angen
mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning
basa.
Mênggah
wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap
punika:
I. 1.
Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing
Pangeran,
sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N.
Mohammad s.a.w.
Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apaapa,
awit duk maksih
awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana
dhihin iku
ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip
luwih suci,
anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma,
afngal).
2. Mênggah
dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana
Pangeran anging
ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun
inggih gêsang
kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing
warna nama lan
pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning
Pangeran kita,
inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang
misesa, inggih
kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên
lan manisipun,
sayêkti botên sagêd den pisaha.
II. 1.
Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka
kahananing
Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan
adêging gêsang
kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan
pangandikanipun
Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên
pangandikanipun:
Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan
anitahakên
sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan
pêpêsteningsun,
ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan
pakartiningsun,
kang dadi pratandha.
2. Kang dhihin,
ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa
wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
3. Kapindho,
ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun
dumunung ana
ing alam pasênêdaningsun.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas
Kumitir
4. Kaping têlu,
ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan
dadi rahsaningsun,
dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
5. Kaping pat,
ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun,
dumunung ana ing alaming gêtih.
6. Kaping lima,
ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi
warnaningsun,
ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake
bae.
7. Kaping ênêm,
ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan
pêncaring
angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming
badan alus.
8. Kaping pitu,
ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan
sakabehing
paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau
tumitah ana ing
donya iya iku sajatining manungsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar