Minangka tataran ajange maca lan
nulis basa lan sastra Jawa, Panitya Pangetan Ambal Warsa kaping-32 SMP Teladan
ngadani lomba ngarang geguritan.
Dene syarat-syarate melu lomba, yaiku:
1. Paserta
lomba yaiku siswa SMP Teladan kelas VII-IX.
2. Naskah
geguritan asli karyane dhewe.
3. Naskah
geguritan durung tau dipacak ing ariwarti utawa kalawarti.
4. Naskah
dikirim menyang Panitya Lomba Ngarang lan Maca Geguritan Jawa SMP Teladan.
5. Naskah
geguritan uga dikantheni dhata peserta.
6. Naskah
ditunggu dening panitya paling keri tanggal 28 Mei 2011.
Ayo rame-rame melu lomba! Kanggo
ngisi wektu kosong ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.
Yogyakarta,
25 April 2011
Ketua Panitia
Ngarang
lan Maca Geguritan
Bagaskara Adi Putra
“WAJAR”
Buku Basa Jawa SMP/ MTs kelas VII
Tidak ada komentar:
Posting Komentar