Pengalaman Munggah Gunung
Gunung-gunung
sing cendhek apadene sing dhuwur saiki wis bisa diambah dening manungsa. Papane
ing ngendi bae lan sepira dhuwure ora dadi sebab, sing penting kepriye bisane
nelukake utawa ngambah pucuking gunung iku. Pira ragade lan sepira rekasane
bakal dilakoni, malah-malah nganti wani ngurbanake jiwa. Akeh sing padha kasil,
nanging uga ana sing gagal utawa malah dadi kurban amarga keganasane alam,
kayata salju, ampak-ampak, gas racun, lan liya-liyane. Menawa bisa kasil anggone
munggah utawa ngambah gunung kasebut, bakal kasuwur jenenge, lan sing baku
maneh bisa tuwuh rasa mareme ati.
Kanthi
kegiyatan kang kaya mangkono iku bisa dadi sarana kanggo ningkatake kasarasan
tumrape jasmani amarga munggah gunung kuwi mbutuhake tenaga kang kuwat. Dadi
menawa kerep mungggah gunung awake saya suwe bakal mundhak kuwat. Iku uga ana
gegayutane karo sikep kang dhisiplin, sebab tanpa dhisiplin bisa nemoni bebaya.
Tumrap
kang wis kasil bisa ngerti kahanan alam ing sapucuking gunung, mesthine sesawangan
kang asri endah. Kasengsem atine, mongkog, tundhone bisa lejar pikire, lan
marem rasane. Satemah gumregah atine, banjur eling marang panguwasane Gusti
Kang Murbeng Dumadi. Samono panguwasane Gusti banjur mawas sarira. Pancen
manungsa ora ana apa-apane menawa kabandhing karo Gusti. Ya mung kudu bisaa
njaga lan nglestarekake peparinge Gusti kang kaya mangkono iku.
(“WAJAR” Buku Basa Jawa SMP/MTs Kelas
VII)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar