Merga Weton
Dening : Rofiatun Indah Fitriati
Sing
jenenge kauripan kuwi kebak pitakon lan pratanda. Wong jawa nalika urip nduweni
kaunikan yakuwi bisa ngerti pratanda saka sing jenenge weweton. Kayadene
ngendikane Bapakku marang bakal calone Mbakyuku kang kaya mengkene, “Nang bocah
wadon kuwi akeh, merga wetonmu karo anakku ora cocok bakale tiba paten njur aku
ora wani nerak, Nang.” Ngendikane Bapak sing tak sekseni pancen bener. Nalika Mbakyuku
ngeyel njur nikah anake lagi umur sedhina wis kapundhut marang sing gawe
kauripan, banjur ndue anak maneh sing ke-2 ya padha wae lagi ngandut 4 sasi
ndelalah keguguran. Apa ya bener merga weweton kuwi pancen nyata? Pikiranku
kebak pitakon. Ah durung wancine aku gubris masalah mengkono. Dumandakan
anggonku ngelamun buyar nalika ana pria kang bagus rupane teka ana kosku.
“Dhik, ndang tata-tata, ayo
dak ajak melancong.”
“Oh iya Mas, enteni
sedelok!”
Sawise
siap aku mangkat diboncengna gawa motor. Rong jam kapungkur anggone perjalanan
wis tekan ning panggonan sing dituju. Kelap-kelip lampu kang madhangi jagading
donya bisa tak dheleng ing Wengi kuwi. Angine sumribit, hawane adem nembus
balung. Aku diajak marang pepujaning atiku menyang Gedong Songo saperlu
nyengkuyung adicara pungkasaning taun lan bisa ngrasakke Taun Barunan ning
njaba. Ning cedhak api unggun, anggonku lenggah jejeran karo kangmasku Abi
sinambi rungokake cah nom-nom sing nembang karo gitaran ing cedhakku. Aku karo
mas Abi padha gegojegan, jejagongan kaya wong kang lagi nandhang kasmaran.
“Dhik, yen mengko kangmas
ninggalno awakmu ora merga bocah wadon liya lan ora merga lumunturing tresna,
kepriye wangsulanmu, Dhik?”
“Lho ora ana udan ora ana
angin kok sampeyan takon sing kaya mengkono to kangmas?” (Dumandakan kaget olehku mangsuli.)
“Wangsulano dhisik pitakonku,
Dhik!”
“Yen ta Gusti Allah
nakdirke awake dhewe ora jejodhonan, Aku orapapa Mas .” (Wangsulanku karo mesem, merga aku ngerti yen Mas Abi tansah guyon lan
mbedo Aku.)”
“Oh mengkono to, Dhik.” (Padha
wae mesem, nanging ngempet apa sing arep
diandharake merga ora kuwawa olehe arep ngomong.)
Doorr… doorrrr…. dooorrrr…
unine mercon Gathotkaca sumegrak ana langit. Wektu iku pas jam 00.01 WIB,
sawanganku njenggelak ana langit nyawang perang mercon Gathotkaca sing disumet
bebarengan. Suwara terompet ndadeake wengi kuwi saya rame. Atiku jan ora karuan
bungahe, lagi sepisan bisa ngrasakna Taun Barunan ning njaba, apa maneh karo
wong sing daktresnani. Aku jingkrak-jingkrak kaya kidang buronan, mbengok
banter karo ngucap,
“Aku tresna marang Sliramu
Mas Abi.”
Keluke mercon Gathotkaca
wis padha medhun lan sumingkir. Aku ya melu medhun saka pucuking gedong 9 mau.
Tibane awake dadi kesel lan ngantuk, arep neruske perjalanan mulih kos kok
kayane adoh tenan. Mas Abi menggok ning panginepan pinggir dalan, motore dijagrakke
ana njaba banjur ngajak aku bomah ning panginepan kuwi saperlu istirahat.
Jan-jane aku emoh, nanging piye maneh wong niate apik, mesakna yen perjalanan
adoh awake wis kesel,kademen, lan ngantuk, mengko nak ana apa-apa ning dalan,
yowis Aku yo manut wae.
Makglegat aku kaget marang
apa sing arep dilakoni Mas Abi. Dumandakan Mas Abi kaya wong kesurupan barongan
kae. Mancal kemul, klambi katok dicopoti kabeh. Aku dipekso kon blejen, nanging
aku ora gelem. Atiku mak tratap, wedine ora karuan. Polahku ora bisa obah, aku
dikekep sakkencenge. Sikilku mancal-mancal supaya bisa ucul seka kekepan mau.
Untung aku bisa ucul saka kekepan mau banjur aku ngadoh saka Mas Abi, aku
manggon ana pojokan paturon karo ngringik-ngringik pipiku kebak eluh. Mas Abi
ora tegel ndhelengna aku nangis. Ndang gage-gage mas Abi njaluk ngapura menyang
aku lan kandha yen apa sing dilakoni kuwi khilaf. Mas Abi keblinger niat elek
pengen ora pedhot karo Aku kanthi cara metengi Aku dhisik, merga kuwating
imanku, perkara mau ora kebacut lan bisa dicegah.
Ora suwe banjur baskara
jumedhul, sunare cumlorot nembus candhela kamar panginepan sing dak anggo
mampir turu. Aku lan Mas Abi siap-siap arep mulih. Sawise wis siap ora langsung
gek ndang mangkat. Mas Abi ngajak jejagongan sedelok, nanging tak sawang matane
kebak pitakon. Kaya ana perkara sing arep diandharake. Ah paling kuwi nggur
awanganku wae.
“Dhik, aku arep
ngandharake perkara apa sing dadi gegayutane karo awake dhewe.”
“Perkara apa ta Mas? Mbok
ya nak ana apa-apa kandhaa karo aku. Ben awake dhewe padha ngertine.”
“Yo pancen bener kandhamu
Dhik, nanging pancen durung wancine aku ngomong merga aku wedi yen wingi aku
wis kebacut ngomong mengko ndak dadi pikirmu, wingi rak yo awakmu isih UAS,
banjur mengko ganggu sinaumu ora bisa fokus.”
“Lho memang perkara apa ta
Mas? Kayane kok gawe ruweting atimu.”
“Aja dadi gelaning atimu
yo Dhik. Awake dhewe jebule ora cocok merga Bapak ngendikane mengkono, nalika
mbiyen aku dikon nakonke wetonmu. Saking tenananne Bapak ngitung wewetone awake
dhewe apa sing bakal kadadeyan yen ta awake dhewe mbesuk nikah, jebule mati
besan, Dhik. Lha kepiye? Awake dhewe arep nerak lan neruske hubungane apa bubaran wae?
(Ora kuwawa nalika krungu
andharan saka Mas Abi dumandakan mili eluh tumetes nelesi pipi) “Saktenane Aku
ora percaya marang perkara sing kaya mengkono Mas, senajan ta Bapakku wis tau
ngendikan marang bakal calonne Mbakyuku, nanging kenapa malah saikine awake
dhewe sing wetone ora cocok. Aku ora bakal murka, lan mengko bakal dadi
kuwalatku yen mentingke hubungane awake dhewe ananging wong tuane dhewe salah
siji ana sing tinggal merga dhewe neruske mbesuk nikah.”
“Yen mengkono awake dhewe
dadi kakang adhi wae yo Dhik, senajan tresnaku marang sliramu ora bisa luntur.”
(mung bisa ngangguk, karo
eluhku mili ora mandhek-mandhek)
Tangane Mas Abi ngusapi
pipiku sing kebak eluh, banjur ngunu Aku
disikep. Niate arep nglegakna atiku.
“Wis Dhik aja sedih,
senajan awake dhewe kakang adhi nanging apa sing dak lakoni kaya biasane ora
bakal owah, tetep Aku menehi kabar, menehi semangat kanggo awakmu lan Aku yo
bakal dolan ning kosmu saperlu nileki awakmu.” (Omongan saka Mas Abi)
Atiku lega sabanjure Mas Abi ngomong kaya
mengkono. Sing awite kaya-kaya megane peteng ndedet. Nanging mega mendhung
bubar katerak angin owah dadi cumlorote
sunar saka esemanku sing pahit madu. Aku percaya yen ta Gusti Allah bakal
maringi dalan sing luwih becik lan nduweni kawigatan kang endah.
Wanci wis radha Awan, Mas
Abi njupuk motor ning ngarep panginepan mau banjur ngeterna Aku mulih. Aku ora
diterna ning kos nanging langsung diterna ning omahku. Sawise tekan ngomah ana
Bapak, Ibu, Mbakyuku lan Kangmasku kang padha kumpul ning ruang tamu. Aku lan
Mas Abi uga melu sesrawungan, ora let suwe Mas Abi pamit mulih. Ing kono aku
lenggah jejer Bapakku lan Bapakku ngendikan.
“Nduk, paling sok awakmu
dipek cah mau.”
“Nanging wetone mboten
cocok, Pak.”
“Emang wetonmu karo wetone
wonge apa?”
“Minggu Kliwon kaliyan
Minggu Wage.”
“Orapapa Nduk, nak Minggu
Wage karo Pahing yo ora oleh.”
Ngendikane bapakku mau
dadi wangsulan saka pitakonku lan dadi pangrestune hubunganku. Sumringah
bungahe atiku. Ana kamar klebatan aku nelpon Mas Abi ngabari pranyatan kasebut.
Jebule Mas Abi sawise mulih saka ngomahku mampir dhisik, ya padha wae
mesthikake ning wong pinter utawa wong sing mudheng babagan wewetonan yakuwi
Paklek saka adhine Bapake. Banjur Mas Abi nyritakna marang Aku. Eh pranyatan
tiba paten kuwi bener ananging bab sing kaya mengkono nak dhewe ora percaya ya
ora dadi patokan, senajan ta percaya nanging ana bab sing bisa ngatasi perkara
mau ora bakal kadadeyan, yakuwi gawa adat sing wis pernah dilakoni
simbah-simbah kae. Nyembelih pithik ireng, ngeki sesajen pas nglangsungake
nikahan, ora kena nabrak jam sing wis dituduhake marang paklike mau pas
sasrahan uga ora intuk nglakoni apa sing dadi larangane yen gelem ora tiba
paten, mengkono ngendhikane Paklike marang Mas Abi. Wangsulan kuwi cukup gawe
Aku lan Mas Abi bungah, merga kekarepan mbesuk arep ngomah-omah bareng ora mung
ning awang-awang. Sanalika aku sujud angucap syukur dhumateng Gusti nganti
saiki apa sing daksuwun wis dituruti. Yen mbesuk bisa sesandingan marang pria
pepujaning ati kang bagus rupane uga atine, setia ngenteni anggonku rampung
kuliyah nganti 4 taun suwene. Wewetonku ora dadi bubrahe kasetyanku.
(cuthel)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar