Kamis, 14 Januari 2016

GEGURITAN





Ambal Warsa Jurusanku
Dening: Mustaghfiri Hakim

Angin mangsa rendheng iki, aweh pemut marang sagung warga Praba wiyata tama
Ngosak-asik urut reroncene jantra laku pandadaraning dwija mring mahasiswa
Grapyak-sigrak, semarak beteke pingin miyak tumapaking ambal warsa
Pawiyatan luhur kang kawentar hamisuwur ing Semarang kene
Sing wis katon cumlorot gemebyar cahyane,
Arum mangambar-ambar gandane

Yuswa kang tambah muga saya dewasa
Bisa ngatonake gagah cakrak pideksa
Lamun wanita, esemmu nyata bisa nyundhul langiting pangrasa
Kuncuping kembang pawiyatan tan kendhat nyawang ing awang-awang
Mrih bisa tumandang numpang menang ing samubarang

Kabeh gumregah ora wegah, ora ulat wayah
Kabeh guru padha kemebul ngudhal ilmu kawasisan lan kanugran
Sengkut bikut katut tetese luh pangurbanan
Mrih tekane kasembadan lan kasunyatan

Ambal warsa iki, dadiya pralampita
Murih laras, lirih lan leres, ancas kang sinedya
Bisa pinter, bener lan pener kang tanpa mlumpat saka wewaler
Kasdu ngangkat drajat martabat utama
Ngudhal pawitan kapinteran, kaprigelan, kawicaksanan mayuta-yuta


Yen langit saya klawu
Yen suwasana sarwa kleru, jroning ati pengen udhu panemu
Papan pawiyatan kang wus moncer iki, ojo gampang kablithuk manthuk marga kahanan kang wis ora gathuk
Pawiyatan iki mung mligi kanggo ngudhal lan ngudi pakarti aji suci dudu papan kanggo ngobral janji
Muga warga Praba wiyata tama tansaha manembah mring Hyang Sukma, nyawiji panyuwuning tyas
Gusti ngijabahi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar