Hawa nepsune manungsa dijlentrehake ing jagad
pakeliran
Laku pasa, ing wulan Pasa apadene ing saliyane wulan Pasa, kaprah diarani
minangka salah sijine laku kanggo ngendhaleni hawa nepsu.
Tumrap wong Jawa, meper utawa ngendhaleni hawa nepsu dadi salah sijine laku
tumuju dadi manungsa kang utama. Paugeran urip ing filosofi kabudayan Jawa kang
nengenake sandhang tinimbang pangan mujudake salah sijine asil saka laku meper
hawa nepsu.
Sing dikarepake nengenake sandhang dudu arupa menganggo lan nglumpukake
sandhangan-sandhangan kang sarwa apik, ananging ateges nengenake upaya
ngapikakae pribadi, mbangun citra kanthi sarana tansah ngupadi apike kapribaden
lan solah bawa.
Dene ngiwakake pangan, cetha bisa ditegesi laku ngendhaleni kasenengan
marang panganan utawa meper hawa nepsu kang metu saka weteng. Laku pasa
mujudake salah sijine cara kang kaprah dilakoni wong Jawa kanggi meper hawa
nepsu iki.
Ing filosofi kabudayan Jawa kang dadi pancadan uripe wong Jawa akeh sumadya
ubarampe kanggo nyinau babagan prelune tansah meper hawa nepsu. Tumrap wong
Jawa ora kangelan yen pengin nyinau, mangerteni lan ndhudhah babagan hawa
nepsune manungsa kang wis dijlentrehake ing jagad pakeliran wayang kulit. Para
pujangga Jawa jaman kawuri uga duwe kawigaten gedhe marang babagan hawa nepsu,
saengga kabeh kang gegayutan kalawan hawa nepsu iki tansah diwulangake kanthi
sarana seni pedhalangan utawa pakeliran Jawa.
Tumrap wong Jawa, kayadene kang dijlentrehake ing buku Pengendalian Hawa
Nafsu Orang Jawa, anggitane Wawan Susetya, weton Narasi, Yogyakarta, 2007,
babagan hawa nepsu iki dadi kawigaten karana makmur utawa rusak lan remuke
donya iki gumantung hawa nepsune manungsa.
Yen ana pemimpin kang duwe watak lan kapribaden kang apik, hawa nepsune
kagolong apik yaiku muthmainah, saengga bisa mujudake memayu hayuning bawana
(nglestarekake lan makmurake bumi saisine). Suwalike, yen sawijining pemimpin
iku tansah nguja hawa nepsu amarah utawa kamurkan, bakal numusi rusake bebrayan
kang tundhone uga nemahi rusake bumi saisine. Nepsu amarah kang tansah ngejak
marang laku duraka, nerak angger-angger lan mburu senenge dhewe, bebasan
kayadene geni. Kanthi mangkono mung cukup pawitan penthol rek jres siji wae wis
bisa ngobong apa wae. Watake wong kang dikuwasani nepsu amarah iku tansah
kumawasa, pengin menange dhewe, lan kumudu-kudu minangkani hawa nepsune lan
syahwat-e.
Ing jagad pewayangan utawa pakeliran wayang kulit ana paraga wayang kang
dadi pralambang hawa nepsu kang tansah nggubel jiwane manungsa. Dene hawa nepsu
kang tansah nggubel uripe manungsa iku kaperang dadi papat yaiku amarah,
lawwamah, supiyah utawa mulhimah lan muthmainnah. Watake wayang Dasamuka kang
kebak angkara dadi pralambang nepsu amarah, yaiku nepsu kang tansah ngejak
manungsa marang tumindak duraka, dur angkara kanthi sarana sipate kang tansah adigang,
adigung lan adiguna. Wayang Kumbakarna dadi pralambang nepsu lawwamah, yaiku
hawa nepsu kang tansah nyacat salahe liyan, kalebu salahe dhewe. Hawa nepsu
lawwamah iki sejatine wus nuduhake sipat kang luwih apik kang tuwuh saka
kasadharane dhewe.
Watake wayang Dewi Sarpakenaka, pralambang wong wadon kang tansah kagodha
dening wong lanang kang bagus praupane, mujudake pralambang nepsu supiyah utawa
mulhimah. Hawa nepsu iki sejatine wis alus, saengga meh padha kalawan wisik
utawa ilham, yaiku wisik kang apik lan wisik lang asipat ala. Dene wayang
Wibisana mujudake pralambang saka nepsu muthmainnah, yaiku jiwa kang anteng lan
jatmika ing badan wadage manungsa. Karana iku Wibisana iku kang dadi pralambang
nepsu muthmainnah ora melu sedulur-sedulure, yaiku Prabu Dasamuka, Kumbakarna
lan Sarpakenaka, ananging malah melu Sri Rama Wijaya, mungsuhe
sedulur-sedulure. Ana candhake.
Manungsa dadi palagan paprangan nepsune dhewe
Jumbuh kalawan pralambang hawa nepsune manungsa cacah papat kang
dijlentrehake ing pakeliran wayang kulit, miturut Imam Al Ghazali kaya kang
diandharake ing Ihya Ulumuddin, manungsa kuwi diwernani patang kekuwatan sipat
lan nepsu.
Nepsu cacah telu asipat duraka, yaiku asipat kayadene kewan asu kang
nglambangake sipat galak, asipat kayadene kewan babi kang nglambangake sipat
kemaruk, asipat syaithoniyah kang dadi pawadan tuwuhe sipat kewan asu lan babi
iku. Dene sing pungkasan sipat rubbubiyah utawa uluhiyah kang nuwuhake rasa
eling marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sipat sing kaping papat iki yen
dirembakakake lan dikemonah kanthi temen-temen bisa ngluwari sipat syaithoniyah
saka pribadine manungsa. Kanthi mangkono, sejatine manungsa iku dadi palagan paprangan
antarane telung kekuwatan kang asipat ala, dur angkara, duraka lan siji
kekuwatan kang asipat tansah njurung lan nggeret pribadine manungsa marang
kabecikan.
Hamung wong-wong pinilih wae kang bisa menangake papranganan antarane
telung nepsu dur angkara lan siji sipat kabecikan iku. Paprangan iku kudu
dilakoni kanthi temen-temen murih siji sipat kabecikan iku bisa menang nalika
adhep-adhepan kalawan telung sipat nepsu kang dur angkara.
Gusti Allah Kang Maha Asih sejatine wus mepaki ubarampe tumrap manungsa ing
alam donya supaya bisa ngemonah paprangan antarane siji sipat kabecikan kalawan
telu hawa nepsu asipat dur angkara iku. Ubarampe kang dikarepake yaiku
ubarampe-ubarampe rohaniah arupa akal lan nepsu. Iki kang ndadekake manungsa
beda kalawan malaikat kang mung antuk ubarampe akal saka Gusti Kang Maha
Kuwasa, ananging ora duwe nepsu. Samono uga beda kalawan sato kewan kang mung
antuk ubarampe nepsu tanpa akal. Dene manungsa, menawa luwih ketarik marang
”tarikane langit”, tegese bakal luwih cerak marang sipat taat kayadene
malaikat. Suwalike, yen manungsa iku luwih seneng marang ”tarikane bumi” utawa
kadonyan, ateges dheweke luwih cerak marang sipat kewan.
Amarga manungsa iku dipepaki ubarampe akal lan nepsu, mula dheweke duwe
kalodhangan dadi titah kang apik dhewe, bisa luwih apik tinimbang malaikat.
Ananging, manungsa uga duwe bisa dadi titah kang drajate luwih ala tinimbang
sato kewan kang mung ngudi mareme hawa nepsune. Para pujangga Jawa jaman
kawuri, ya para leluhur kabudayan Jawa, akeh kang kondhang minangka insan kamil
(manungsa paripurna). Iku karana para pujangga iku wus kasil meper hawa nepsune
kanthi maneka rupa cara lan upaya.
Sejatine, hawa nepsu mono duwe sipat kang kas lan ketara banget. Miturut
anggepane wong Jawa, ”hawa” iku ateges rasa wegah nindakake samubarang laku
kang asipat nyedhak marang sipat taat (marang Gusti Allah Kang Maha Asih). Dene
”nepsu” ateges semangat kanggo nindakake laku maksiyat. Kanggo ngemonah ”hawa
nepsu” iku kudu kanthi cara mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan suwalike,
mindhah ”nepsu” marang ”hawa”. Tegese, rasa wegah nindakake parentahe Gusti
Kang Maha Asih dipindhah menyang wewengkon ”nepsu”. Saengga kang tuwuh
sabanjure rasa wegah nindakake laku maksiyat. Suwalike, semangat kanggo
nglakoni tumindak maksiyat (nepsu) dipindhah menyang wewengkon ”hawa”. Saengga
kang tuwuh lan ngrembaka arupa semangat nindahake kabeh prentah-E. Ing jagad
kabudayan Jawa, wus akeh tuladha laku mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan
”nepsu” marang ”hawa” iku.
Tumrap wong Jawa, salah sijine laku kanggo meper hawa nepsu yaiku laku
ngurang-ngurangi, kalebu laku pasa lan laku tapa kang nglimputi tarak brata,
mesu brata, tapa brata lan pati brata. Tarak brata iki ing bebrayane wong Jawa
kang sinebut ngurang-ngurangi, yaiku ngurangi mangan, ngombe lan turu (cegah
dhahar lawan guling). Mesu brata yaiku lelaku kang kwalitase luwih dhuwur
tinimbang tarak brata. Ing kene, wong wus ngupadi marang laku prihatin
rohaniah. Tapa brata mujudake lelaku kang luwih manther marang sangkan paraning
dumadi utawa manunggaling kawula gusti. Dene pati brata arupa lakune manungsa
Jawa kang wus nggayuh tingkat dhuwur dhewe, yaiku wus tekan marang mangerteni
lan ngenali Gusti Allah kang haq. Ing laku pati brata iki kang kabudayan Jawa
sinebut wus kasil nggayuh manunggaling kawula gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar